GLADHEN MAMBIWARA NGUNDHUH TEMANTEN
Ancer-ancer Rantaman Adicara Ngundhuh Temanten
(Pasrah tampi temanten dereng kalenggahaken)
Hangrantu rawuhipun para tamu, saged kaungelaken
gendhing2 mana suka
Menawi penganten sarimbit tuwin para pangiring sampun
rawuh lan badhe manjing ing wisma palereman saged kabiwadha ungeling Monggang
Menawi penganten sarimbit, para paraga pasrah tampi tuwin para pangiring sampun siyaga ing karya ,
pambiawara saged hambuka adicara/maos rantaman adicara.
Manjingipun temanten sarimbit ing sasana pahargyan
sasampunipun wonten sasmita saking pambiawara. Rantaman adicara karacik kados
makaten :
1. Pambuka
Gendhing
pangiring : Ktw. Mijil Wigaringtyas Pl. 6
2. Manjingipun putra
temanten sarimbit ing sasana pahargyan
Gendhing
pangiring : Ktw, Boyong Basuki Pl. Br.
3. Pangandikan pasrah
tuwin atur panampi
(Paraga
pasrah-tampi, pangapit, pangampil tirta wening, pangampil sangsangan tuwin
dhuwung sampun siyaga)
4. Wisudha tali darma
Ibu……………………paring unjukan tirta wening dhumateng
temanten sarimbit
Bp………………….....paring sangsangan sekar melathi rinonce
dhumateng temanten kakung tuwin paring sipat kandel / pusaka dhuwung
5.
Atur pambagyaharja
6. Gendhing2 manasuka (para tamu jawat asta + dhahar)
7. Paripurna
Ingkang
prayogi kacawisaken :
·
Kursi temanten kakung lan putri
·
Kursi pamengku gati sarimbit
·
Kursi besan sarimbit
·
Kursi tamu sacekapipun
·
Meja buku tamu
·
Meja tata dhahar lan unjukan
·
Mic : sakboten-botenipun 2 kangge pambiwara lan pasrah
-tampi
·
Nampan 2 ( tirta wening lan sangsangan tuwin dhuwung)
Paraga
:
·
Pangandikan Pasrah
·
Pangapit Pasrah piyantun 2
·
Atur Panampi
·
Pangapit Panampi piyantun 2
·
Pangampil baki - gelas tirta wening
·
Pangampil baki - sangsangan mlathi lan dhuwung
·
Pambagyaharja
·
Pangapit Pambagyaharja piyantun 2
·
Pambiawara
Tuladha Pambiawara Murwakani Adicara
Nuwun, kula nuwun.
Sih nugraha miwah wilasaning Gusti Ingkang Maha Welas tuwin Maha Asih
mugi tansah kajiwa, kasarira panjenengan sedaya lan kula sumarambah sagung
kulawarga, widada niskala.
Para alim ulama ingkang tansah dados panuntun wedharing laku utama. Para
sepuh, aji sepuh ingkang satuhu pana ing kawruh. Para pangemban pangembating
praja ingkang pantes sinudarsana. Para tamu kakung putri ingkang satuhu munulyeng
budi.
Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken tansah ngonjukaken puja pudyastuti dhumateng Gusti Ingkang Hamurbeng Dumadi. Inggih awit
saking kanugrahanipun dhumateng panjenengan sadaya lan kula satemah
saged makempal manunggal ing
dalemipun Bapa/ Ibu………………………kanthi kebak ing karaharjan, sinartan
panyuwunan, mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugi wasana kinalisaken
ing rubeda.
GANTOS PARAGA
Ing ari punika, Raditya
Palguna inggih
Minggu Pon katiti surya kaping 20 Desember warsa 2015, keparengna kula sakadang jejer pambiwara kinen
ndherekaken tata rakiting adicara
pahargyan ngundhuh temanten nuwuninggih Bagus……………., atmaja kakungipun
Bp/ibu…………………..….kaliyan Nimas Ayu…….……….……putri kinasihipun Bp/Ibu………………….
Adicara kapurwakan
kanthi pambuka,
kalajengaken adicara kaping kalih nuwun inggih praptaning putra temanten sarimbit ing sasana pahargyan.
Adicara
kaping tiga inggih punika babaring pangandikan
pasrah saking kulawarga Bp/Ibu……………………tuwin atur panampi saking baraya agung Bp/Ibu………………
Saparipurnaning adicara pasrah tampi risang panganten sarimbit,
tumunten kalajengaken adicara wisuda tali darma. Adicara kaping gangsal
inggih punika atur pambagyaharja. Parandene
adicara kanem nuwun inggih panutup.
Makaten menggah reroncening adicara ingkang badhe
hangrenggani pahargyan ngundhuh temanten ing wanci siyang punika. Kanthi andhap asoring manah kula nyuwun idi
sarta pangestu dhumateng para sepuh miwah para tamu adicara tumunten badhe
kawiwitan.
GANTOS
PARAGA
Tuladha Panyandra Manjingipun Temanten Sarimbit
Lamat-lamat kapiyarsa swaraning pradangga ambabar
Ketawang Boyong Basuki. Tan pantara
dangu katon tejane, sumunar cahyane. Lha
punika tejane pinanganten sarimbit kang mijil saking wisma palereman arsa
manjing ing sasana pahargyan.
Cetha kalamun
panganten sarimbit wus satraju boboting katresnan. Anggenira
lumaksana tansah
pepuletan asta datan ginggang sarekma pinara sasra. Kekalihira
satuhu wus trep pindha curiga manjing jroning warangka. Sanadyan
kang sajuga jejer priya kang sawiji putri parandene kekalihira wus manunggal
ing cipta,
rasa myang karsane.
GANTOS
PARAGA
Jroning
lumaksana tansah ambabar esem kang sarwa manis , ing
semu kejawi hangaturaken agunging panuwun, nanging ugi tansah nyuwun tambahing pangestu dhumateng sagung
para tamu, murih sembada ingkang sinedya, jumbuh kang
ginayuh, dadi kang kaesthi.
Temanten sarimbit kang apinda nata miwah
prameswari tindak lon-lonan tumuju
unggyan kang sinedya nuwun inggih sasana pasrah tampi. Tandang
tanduke, lumaksanane panganten sarimbit ingkang tansah runtang-runtung rerentengan, tansah gawang-gawang raketing sih
katresnan.
Wus dumugi unggyan kang sinedya, nuwun inggih sasana pasrah
tampi, tindakira pinangantyan sarimbit gya
kandeg hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinata.
GANTOS PARAGA
Aturipun panatacara badhe Pasrah
Tampi
Sagung para tamu kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan
Temanten sarimbit miwah para pangiring ingkang dipunpandhegani Bapa………
sampun kandheg ing sasana pasrah tampi. Kanthi makaten mracihnani badhe lumadi adicara
pasrah tampi.
Wedharing sedya saking baraya agung Bp/Ibu…………….…….. badhe kasarira
Bp………………..ingkang jumeneng jinajaran
Bp………..………tuwin Bp……………… Parande tumanggaping gati saking kulawarga
Bp/Ibu……………….badhe kasalira Bp……….….……jinajaran Bp……………..……..lan Bp…………………..
Katur dhumateng Bp………………..tuwin Bp……………….sumangga
Paraga
pasrah jumeneng aben-ajeng kaliyan paraga panampi.
(kaprayogekaken sembah kalbu saderengipun medhar pangandikan)
GANTOS PARAGA
Aturipun panatacara purna Pasrah
Tampi / badhe Wisuda Tali Darma
Wijang wijiling pangandikan ambabar gatining sedya, priyagung
kekalih daya-daya samya ajejawat asta tumuli kalajengaken adicara wisuda tali
darma.
Ibu……………….paring unjukan tirta wening dhumateng putra
temanten sarimbit.
Paring unjukan tirta wening minangka pralambang
panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Hamurbeng Gesang, ing pangajab sedaya tindak
tanduk, muna-muni kapenggaliha kanthi wening lan menep murih pratitis anggenya
tumindak datan nalisir ing paugeran.
GANTOS PARAGA
Paripurna pinaringan unjukan tirta wening, temanten
kakung gya sinangsangan sekar melathi rinonce dening Bp…………………… salajengipun nglolos
dhuwung ingkang dipun-agem temanten kakung kagantos pusaka / sipat kandel paringipun ingkang
rama.
Temanten kekalih sigra ajejawat asta dhumateng Ibu
tuwin Bapa………….…….
Datan kantun, Bapa/ Ibu……………ugi manembrama rawuhipun
besan sarimbit nuwun inggih Bapa/Ibu…………………..kanthi ajejawat asta, tumunten kadherekaken
tut wuri tindak tumuju ing sasana rinengga.
Wus
unggyang kang tunuju hanenggih dampar rinengga, pinangantyan sarimbit, kaapit
rama miwah ibu piyantun sepuh catur gya lenggah ing kursi pinasri.
GANTOS PARAGA
Sri atmaja temanten kekalih
tumungkul wadanane,
lon-lonan
lumampah arsa lenggah ing dampar rinengga. Rama ibu kang tansah tut wuri handayani, samya bombong
jroning pengghalih, dupi hamriksani pinanganten sarimbit sangsaya wuwuh suka ing wardaya. para pepundhen catur, pindhane kadya kajugrugan wukir sari karoban
samodra madu, dupi hamriksani kathahing para tamu ingkang samya kepareng rawuh.
Katingal para tamu samya karenan jroning penggalih, pratandha suka jumurung
hastuti mring kang lagya hanawung darmaning asepuh.
Tan
rinasa, ing mangke risang penganten
sarimbit wus ngancik unggyan kang tinuju, hanenggih dampar pinasri. Para pepundhen catur nuwun inggih piyantun sepuhipun
temanten gya lenggah ing kursi piniji
GANTOS PARAGA
Aturipun panatacara badhe Atur
Pambagyaharja
Sagung para tamu ingkang satuhu minulyeng budi, sampun
paripurna kanthi widada datan manggih rubeda, rahayu boten wonten reridu adicara
wisuda tali darma temanten. Salajengipun pamangku gati, Bp/Ibu………………..arsa atur
pambagyaharja katur panjenengan sedaya. Atur pambagyaharja saking pamangku gati
badhe kasarira Bp……………………..……… ingkang jumeneng jinajaran Bp…………..……………tuwin
Bp……………………………..
Katur
ingkang kinurmat Bp…………….………….sasana miwah suwasana sumangga.
--sasampunipun
paraga pambagyaharja lengser, kabiwadha Lcr. Kebogiro—
Aturipun panatacara purna Pambagyaharja
Paripurna
babaring atur pambagyaharga
saking pamangku karsa ingkang kasarira Bp………………………….
Para
tamu kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi, inggih awit agunging raos
suka sokur konjuk dhumateng Gusti, ing
titi wanci punika pamangku gati Bp……………………..sekaliyan garwa atur pasugatan
dhahar ingkang sampun tinata ing sasana boga.
Katur dhumateng baraya agung Bp……………………………tuwin para tamu, keparenga jawat
asta kaliyan pamangku gati miwah besan sarimbit sinartan paring donga pangestu
dhumateng temanten sarimbit.
Salajengipun keparenga ngrahapi pasugatan ingkang
sampun rinakit dening para panawung kridha sinambi hamirsani/ midhangetaken
panglipur …campursari ringkes setya tuhu…ingkang
mijil saking Gunungpati, nuwun.
-
Pambiwara prayogi atur
pambayaharja wongsal-wangul wekdal lelangen gantos gendhing / lagu --
Tuladha mungkasi adicara ngunduh
manten
Para tamu kakung-putri ingkang winengku ing suka basuki, para sutresna budaya ingkang bagya lan mulya, kados sampun
paripurna tumapaking adicara ngundhuh temanten ing wanci punika, wiwit purwa, madya dumugining wasana.
Dhumateng para sepuh, pini sepuh sumarambah para tamu sedaya, lumantar
kula, pamangku gati
Bapa/Ibu……………………………….sakulawarga
ngambali ngaturaken agunging panuwun awit kepareng rawuh tuwin paring
donga pangestu panjenengan sedaya dhumateng temanten sarimbit.
Kula sakadang nglenggana anggen kula
nindakaken ayahan temtu wonten tuna dungkaping atur miwah solah bawa, cecer
cewet adamel kuciwa, keparenga ingkang hamengku karsa miwah para tamu paring
pangsaksama.
Sumangga
asesanti : Jaya jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih, Nuwun.
Tuladha pambagyaharja dening panatacara (wongsal-wangsul)
Tuladha I
Sangya para tamu ingkang sinuba ing pakurmatan. Ing
ari punika, Raditya Palguna
inggih Minggu Pon katiti surya kaping 20 Desember warsa 2015
hanyarengi surya kaping 8 Mulud warsa 1949, Pamangku gati Bp…………………..sarimbit garwa lumantar kula ngaturaken
pambagya sugeng rawuh sinartan agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenengan sampun kesdu nyisihaken
wekdal saha ngetheng-enthengaken salira rawuh wonten sasana pahargyan ngriki arsa paring donga pangestu dhumateng temanten
sarimbit.
Mugi
paring pangestu panjenengan
sedaya sageda handayani dhumateng putra temanten kekalih anggenipun mangun balewisma
tansah manggih kabagyan lan kamulyaning gesang.
Katur dhumateng para tamu sasampunipun ajejawat asta
keparenga tumuju ing sasana boga hangrahapi pasugatan dhahar ingkang sampun
tinata denging kadang-kadang panawung kridha sinambi mirsani panglipur…………….
Tuladha II
Sagung para tamu, salajengipun ingkang hamengku
gati ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, tumrap paring panyengkuyung panjenengan sedaya ingkang awujud bau suku,
iguh pertikel, saha tandha tresna saking sanak kadang, tangga tepalih, mitra
pitepangan, saha para tamu ingkang awujud punapa kemawon.
Punika sadaya sayektos
adamel pangentheng-entheng sesanggeman, satemah damel rancag-gancaring
pahargyan, sarta bombonging penggalih Bp……………………. sakulawangsa.
Sambet
kaliyan sedaya panyengkuyung panjenengan kala wau, Bapa…………………….. sagotrah
boten saged atur piwales punapa-punapa, kajawi amung sumarah dhumateng Ingkang
Maha Mirah, mugi panjenengan sadaya pikantuk piwales ingkang linangkung.
Tuladha III
Para sepuh, sesepuh ingkang
dhahat pinundhi, para rawuh kakung miwah putri ingkang winengku ing suka
basuki. Bapa miwah Ibu…………………..sakulawangsa, anggenipun ngacarani rawuh panjenengan
lugunipun sampun karantam, katata, kagantha-gantha mrih boten nguciwani.
Ananging Bapa-Ibu ……..……nglenggana
taksih wonten kalepatan saha kekirangan tumrap sadaya aruh, lungguh, rengkuh
miwah suguh. Awit saking punika, kanthi andap asoring manah pamangku gati nyuwun agunging jalanidhi
pangaksami.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar