GLADHEN MARAGA ING ADICARA MIDODARENI
(Midodaren rinonce pasrah sanggan)
Ancer-ancer
Rantaman Adicara Midodareni
Calon penganten kakung tuwin pangiring sampun rawuh (ing wisma palereman)
1. Pambuka
2. Calon pengantin kakung
tuwin pangiring manjing kalajengaken wedharing gati lan tumanggaping
gati (pasrah-tampi)
3. Paring unjukan tirta
wening
4. Pamasrahing ubarampe palakrami
( sanggan / srah-srahan)
5. Pambagyaharja
6. Babaring Catur Wedha
7. Tilik Nitik
8. Pangandikan pamit - Tumanggaping
pamit
9. Paring kancing gelung
10. Panutup
Ingkang
Prayogi kacawisaken :
·
Kursi calon temanten kakung
·
Kursi pamengku gati tuwin calon besan
·
Kursi tamu sacekapipun
·
Meja kangge nampi ubarampe
·
Baki/Nampan kangge tirta wening
·
Meja tata dhahar
·
Mic : sakboten-botenipun 2
Paraga
:
·
Pasrah
·
Panampi
·
Pambagyaharja
·
Pambiawara
·
Warara pangampil baki tirta wening & kancing
gelung
·
Pangampil Catur Wedha
Tuladha Pambuka Adicara Midodareni
Nuwun,
kula nuwun,
Mugi karaharjan,
kamulyan tuwin
kabagyan awit peparing saking Gusti
Ingkang Maha Welas lan Asih tansah tumedhak saha tumanduk, kajiwa,
kasarira panjenengan sedaya
lan kula sumarambah kulawarga.
Wonten
ngarsanipun para pini sepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, para satriya
manggalaning bangsa kusuma nagara ingkang pantes tinulad sinudarsana, para
winasis ingkang pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur, sarta para tamu
kinurmatan.
Sumangga
kula dherekaken tansah muji sokur
ing ngarsaning Gusti
kanthi puja pudyastuti. Saking sih wilasanipun, panjenengan sedaya lan kula saged manunggal ing sasana ngriki, wigatosing sedya paring paseksen
sarta donga pangestu dhumateng calon temanten nuwun inggih Dyah
Ayu…………………………atmaja putrinipun
Bapa/Ibu……………………………..pidalem ing…………………………………………….. ingkang badhe jinatu krami
dening Anak Mas……………………………………putra kakungipun Bapa/Ibu……………………………….ingkang
pidalem ing…………………….
Kados sampun panjenengan sedaya
uningani bilih ing dalu samangke kaadanan tatacara midodareni utawi puruhita.
Para
rawuh ingkang minulyeng
budi, kula minangka pambiwara keparengna
mundhi dhawuh saking ingkang hamengku
gati nuwun
inggih Bapa/Ibu……………………..kinen
ngaturaken menggah rantamaning adicara
midodareni ing wekdal dalu punika.
Menggah
titi laksitaning gati adicara midodareni
rinacik
mekaten :
Tatacara kapisan pambuka ingkang kalajengaken adicara kaping kalih nuwun inggih wedharing
pangandikan pasrah tuwin atur panampi
Saparipurnaning pasrah-tampi, Calon temanten kakung pinaringan
unjukan tirta wening dening Ibu…………………………….sarta lung-tinampi ubarampe
palakrami saking
Ibu/Bapa……………………….dhumateng Ibu/Bapa………………………
Salajengipun putra calon
temanten kakung tumunten kakanthi lenggah ing papan piniji tuwin para pangiring
lenggah ing papan ingkang sampun tinata dening kadang panawung kridha, tumunten
lumaksana adicara pambagyaharja saking pamangku gati
Para sepuh, aji
sepuh, ingkang dhahat sinungkeman,
Para rawuh kakung
miwah putri ingkang sinuba ing
pakurmatan.
Minangka rantaman
adicara candhakipun inggih punika wedharing Catur Wedha saking
Bapa…………………………………….(ramanipun calon temanten putri)
Reroncening tatacara
adat salajengipun nuwun inggih tilik nitik
Parandene pethiting
adicara inggih punika pangandikan pamit tuwin tumanggaping pamit ingkang
rinakit paring kancing gelung saking Ibu……………………dhumateng calon temanten
kakung.
Kanthi hanampi busana
kancing gelung saking Ibu/Bapa…………………….……., punika minangka pralambang bilih
calon penganten kakung siyaga badhe kawiwaha ing benjing kaliyan Dyah
Ayu…………………………………..
Jumenengipun pamangku
gati ing sangajeng wiwaraning sasana pahargyan mracihnani adicara midodareni
ing wanci dalu punika sampun paripurna
Para sepuh, aji sepuh
ingkang pana ing pamawas, lebda ing karya. Para
rawuh kakung-putri ingkang munulyeng budi. Rehning samudayanipun sampun tinata
lan siyaga, keparengna adicara midodareni tumuli kawiwitan.
Ngacarani
rawuhipun Calon Pengantin Kakung
Sagung para tamu, ingkang winengku ing suka rahayu,
Sampun wonten sasmita bilih Calon Pengantin Kakung
kairing para kulawarga sampun samapta
ing diri siyaga ing karya arsa manjing ing samadyaning sasana puruhita.
Katur dhumateng pangarsaning lampah,
Bapa…………………………………..keparenga hanganthi, mratitisaken tindakipun putra calon
penganten jalu miwah para pangiring, sumangga.
Wirama panyandra,
Kawistara saking
mandrawa, praptaning putra calon temanten kakung Sang Abagus………………………..……..kakanthi
dening Bapa…………….……………tuwin Bapa............................................tindak
lon-lonan manjing ing sasana puruhita.
Sinten ta ingkang
sinaraya hanawung kridha minangka pangarsaning
lampah nuwun inggih Bapa……………………,
Tindakira calon
temanten kakung binayangkare dening para kulawarga, sanak-kadang, mitra
pitepangan tuwin para sepuh datan kantun.
Calon temanten kakung
tansah tumungkul, yayah konjem ing bantala wadanane, jroning driya nyenyuwun
dhumateng Gusti Ingkang Maha Kawasa, mugi lestari kang kaesthi, jumbuh kang
ginayuh, teka kang jinangka. Wus unggyan kang tinuju tindakira gya kendel ing
punjering sasana pasrah tampa.
Ngacarani
Pasrah-Tampi
Sagung para tamu
ingkang dhatat kinurmatan,
Tindakipun calon
temanten kakung miwah para pangiring sampun kandheg ing sasana pasrah-tampi. Adicara
tumunten badhe kalajengaken nuwuninggih wedharing pangandikan saking kulawarga
Bapa/Ibu……………………………….ingkang kasarira Bapa……………………..…………jinajaran
Bapa…………………………………….tuwin Bapa…………………………..…...parandene atur panampi saking
kulawarga Bapa/Ibu…………………….……………...lumantar Bapa………………….……………….
Jumeneningipun kaapit
Bapa……………….……….miwah Bapa………………………….
Katur dhumateng para
priyagung ingkang hanawung kridha kasumanggakaken.
------------------pangadikan
pasrah-tampi-------------------
Paripurna babaring
pangandikan priyagung kekalih tumunten ajejawat asta kalajengaken paring
unjukan tirta wening saking Ibu………………………..dhumateng calon temanten kakung Anak
Mas……………………………..
Kawistingal
Ibu……………………….. sampun paring unjukan tirta wening dhumateng Anak Mas
Bagus……………..……………..minangka pralambang katresnanipun tiyang
sepuh dhumateng
ingkang putra. Tumunten putra calon mantu ajejawat asta dhumateng Bapa/Ibu………………………………
Rinonce adicara
lung-tinampi ubarampe jejangkeping palakrami saking
Ibu/Bapa…………………………………dhumateng Ibu/Bapa………………………………..
-------------------CPK
tuwin calon besan lenggah ing papan piniji-----------------
Para tamu kakung
putri ingkang minulyeng budi,
Bapa/Ibu………………………….……………badhe
manembrama rawuh panjenengan sedaya, namung kewala awit raos bombong bingahing
manah boten kuwawi matur piyambak, pramila badhe kasalira
Bapa………………………………………minangka talanging basa.
Katur dhumateng
ingkang kinurmat Bapa………………………………..keparenga
jengkar saking palengahan tumuju ing sasana medhar sabda.
------------------pangandikan
pambagyaharja------------------
Tatas, titis, tetes,
mentes pangandikan saking Bp…………….……….......minangka sulih sarira saking
pamangku karsa.
Para tamu
kakung-putri ingkang minulyeng budi,
Adicara salajengipun
Bp……………………..(pamangku gati) badhe paring piwulang dhumateng calon temanten
kakung kanthi maos Catur Wedha.
Awit saking punika,
keparenga Anakmas………………………………tindak mangarsa ing sangajengipun Bp tuwin
Ibu………………………………………….
----Calon
pengantin kakung lan pamangku gati jumeneng aben ajeng----
----Pamangku
gati maos catur wedha, calon mantu migatosaken----
Sampun paripurna
babaring catur wedha saking Bapa……………………..dhumaetng Anak Mas……………………………ing
pangajab sageda dados gegebengan anggenipun badhe mangun bale wisma ing
madyaning bebrayan.
Para sepuh, sesepuh
ingkang satuhu pana ing kawruh,
Para tamu kakung
putri ingkang winengku ing karahayon,
Reroncening adicara
salajengipun nuwun inggih Tilik nitik. Awit saking punika,
katur dhumateng para ibu mugi wonten kepareng panjenengan tindak tumuju tepas
wangi utawi panti pamingitanipun putra calon temanten putri, paring donga
pangestu dhumateng calon temanten. Parandene para tamu kakung keparenga
ngrahapi pasugatan ingkang sampun tinata wonten ing sasana boga.
----------tilik
nitik kalajengaken pasugatan dhahar kairing panglipur---------
Sagung para tamu
ingkang satuhu minulyeng budi,
Nglajengaken rantaman
adicara ingkang sampun rinakit, pramila badhe kaadanan adicara pangandikan
tuwin tumanggaping pamit, awit saking punika dhumateng ingkang kinurmat
Bapa……………………………..minangka sulih sarira saking Bapa/Ibu…………………………….saha
Bapa……………………..minangka talanging atur saking Bapa/Ibu………………………………..kasumanggakaken.
------------pangandikan
pamit tuwin atur waluyan---------------
Paripurna babaring
pangandikan priyantun kekalih, kalajengaken paring busana kancing gelung saking
Ibu……………………………………dhumateng calon temanten kakung Anak Mas………………………………………..
----ibu maringaken
busana kancing gelung, aben ajeng kaliyan calon manten kakung---
Calon temanten kakung
sampun kepareng hanampi busana kancing gelung minangka pralambang bilih putra
calon temanten kakung sampun siyaga lan ngugemi jejering satriya tama nindakaken
wajib ing dinten
mbejing,…………………………………katiti surya kaping……………………………………….tabuh………………………
Tuladha mungkasi adicara midodaren
Para rawuh kakung-putri
ingkang
minulyeng budi,
para sutresna budaya ingkang
bagya lan mulya, kados sampun jangkep tumapaking adicara midodareni utawi puruhita ing wanci dalu punika, wiwit purwa, madya dumugining wasana.
Pramila sampun dumugi pethiting titi laksana nuwun inggih pamungkas.
Dhumateng
para sepuh, pini sepuh sumarambah para tamu sedaya,
Lumantar
kula, pamangku gati
Bapa/Ibu……………………………….sakulawarga
ngambali ngaturaken agunging panuwun awit kepareng rawuh tuwin paring
donga pangestu panjenengan sedaya.
Kula
sakadang ingkang dherekaken tumapaking
adicara midodareni utawi
puruhita ndherek dedonga mugi calon pinangantyan sarimbit sageda
manggih kamulyan sarta karaharjan. Keparengna kula ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapa/Ibu……………….………………..,
bilih kula sakadang sampun kadhawuhan ndherekaken lampahing titilaksana adicara
midodareni punika
Kula
sakadang nglenggana anggen kula nindakaken ayahan temtu wonten tuna dungkaping
atur miwah solah bawa, cecer cewet adamel kuciwa, keparenga ingkang hamengku
karsa miwah para tamu paring pangsaksama.
Sumangga
asesanti : Jaya jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih, Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar