Panduan Lengkap MC Bahasa Jawa/Kapanatacaran; Menjadi MC Bahasa Jawa

 


KAPANATACARAN

 

A.     Werdining tembung

Miturut paramasastra, kapanatacaran tegesipun samukawis ingkang magepokan kaliyan punapa lan kados pundi manata cara utawi lampah-lampahipun acara/adicara tinamtu.

Dene panatacara inggih punika  paraga utawi piyantun ingkang tinanggenah nata cara/acara/adicara. Bakuning ayahanipun inggih punika nglantaraken lampah cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan, utawi upacara ingkang sampun rinantam.

Kadayan dening ewah-ewahan jaman, papan sarta kawontenaning upacara setunggal lan setunggalipun hanjalari ayahanipun panatacara lajeng asring mingsad-mingsed.  Panatacara kedah saged dados speaker, reader, announcer, orator, master of ceremony, sutradhara, dhalang, lsp.

Wasising para nimpuna anggenipun  badhe ngunggulaken panatacara ing bebrayan lajeng nuwuhaken bedhahan-bedhahan anyar tumrap tembung panatacara. Kados sampun kawuningan ing ngakathah, samangke panatacara ugi sinebat  pranatacara / panata adicara / juru paniti laksana / protocol / pambiwara / pangendhali wara / emsi, lsp.

Nitik katrangan kasebat nginggil cetha lan terwaca bilih ayahan panatacara punika boten sadhengah tiyang saged nglampahi. Umpamia saged, dereng temtu saged mrantasi damel kanthi pantes, luwes lan teges. Pramila awit saking punika, tiyang ingkang kapiji minangka panatacara inggih kedah mbudidaya nyekapi sarat-sarananing panatacara. Dene sarat sarana panatacara punika arupi keprigelan   basa, matrap busana, tata karma, lan kawibawan.

 

B.    Basa

Basa punika sarana saha wahananing panggraita (cipta, rasa, karsa) sarta sarana lung - tinampen gagasan antawisipun tiyang satunggal lan satunggalipun. Awit saking punika, pangrakiting ukara ingkang sinebat basa kedah nglenggahi ginanipun. Liripun tetiyang ingkang dipunajak rembagan saged nampi punapa  ingkang dipunaturaken. Murih saged mapanaken basa ing kalenggahanipun prayogi basa ingkang kaginakaken punika komunikatif - fungsional, normative sarta kontekstual.

Komunikatif-fungsional tegesipun ngengetana basa makaten mujudaken sarana lung-tinampen gagasan lan pangertosan, mila prayogi ngginakaken basa ingkang limrah lan gampil dipunngertosi dening tiyang sanes. Normatif maknanipun cak-cakanipun basa kedah nengenaken unggah-ungguh, tatakrama lan suba sita.  Dene kontekstual pikajengipun pangetraping basa kedah jumbuh lan laras kaliyan swasana lan kawontenan panggina basa.

Supados basa kapireng endah nanging boten kathah tembung Kawi-nipun, saged rinengga kanthi ngginakaken tembung andhahan (tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun tembung/asalipun) saha parikan, paribasan, wangsalan, sanepa, pepindhan, lan sapiturutipun.

Wewujudaning basa makaten wonten ingkang arupi basa lesan, basa sinerat, lan basa sasmita. Panatacara prayogi sanget bilih nyumurupi prekawis punika.

Katrangan sapala magepokan kaliyan wewujudaning basa inggih punika :

         1.   Basa lesan : basa ingkang kawedharaken lumantar swanten kanthi leres lan trep. Kedah dipunenget :

a)     Pangucaping tetembungan tansah ngginakaken unggah-ungguh lan udanegara.

b)     Panatacara limrahipun ngginakaken basa awangun mudhakrama, arupi campuran basa krama lan karma inggil.

c)      Klintuning pangetrap saha pangrakitipun basa badhe ngirangi kawibawanipun panatacara.

d)     Boten sedaya tembung ngoko punika wonten tembung karma lan tembung krama inggilipun.

e)     Wewatonipun ; sinten ingkang dipunajak wawan ginem.

         2.   Basa sinerat : basa ingkang winedharaken sarana seratan. Panatacara prayogi tepang kanthi sae basa sinerat jalaran :

a)     Racikaning upacara/adicara ingkang kedah sinerat minangka gondhelan salebeting  nyangkul jejibahan.

b)     Panyerat tuwin panyebating asma priyantun ing andharan sampun ngantos klentu.

         3.   Basa sasmita ; inggih basa ingkang winedharaken sarana tengara, sae punika awujud solah bawa punapa dene polatan.

a)     Bebrayan Jawi ngudi sanget dhateng lantiping panggraita/sasmita.

b)     Panatacara ngginakaken saha nampi basa sasmita.

c)      Lantiping panggraita saged gampil nampi karsaning piyantun sanes.

 

C.    Busana

Busananing panatacara prayogi prasaja awit kaprasajan makaten mujudaken kaendahan tanpa kedhok. Busana makaten nedahaken jiwaning priyantun ingkang ngagem. Treping busana ingkang dipunagem saged kasrapat sikeping priyantun ingkang ngagem. Nges miwah luwesing ageman pranyata akarya resep saha amewahi kawibawaning pribadining pangagem. Leres sarta lepatipun pangetrap nedahaken susila lan botenipun pangagemipun sarta endah nyengsemaken lan botenipun kadulu ing ngakathah. Awit ngemutana bilih ajining sarira dumunung ing busana.

Busana boten kedah mompyor / gumebyar, nanging kedah jumbuh, trep, pantes lan jengkep. Sarehning ngagem ageman busana kejawen jangkep, mila kedah leres ing pangetrapipun nyamping, wiron, wangkingan, beskap, dhestar lan sanes-sanesipun. Tindakipun panatacara / piyantun ingkang ngagem busana kejawen tartamtu kedah laras kaliyan agemanipun murih ngresepaken ingkang mirsani (estetis).

Pangangeming busana prayogi jumbuh kaliyan wekdal, kawontenan, ugi ingkang paring dhawuh.

 

D.    Tatakrami

Kajawi wasis babagan basa, paramasastra, ulat manis, busana ingkang tumata, panatacara kedah nengenaken ing reh suba sita miwah tatakrami. Kawruh kasusilan tansah kedah kaasta. Patrap rumangsa bisa prayogi dipun singkrihi. Kedah bisa rumangsa boten rumangsa bisa. Boten ketingal briga-brigi nanging tansah andhap asor.

Panatacara kagadhang saged mbudidaya ngempan-papanaken pangandikan lan tindak tanduk punapadene busana ingkang kaagem ing salebeting ngayahi wajib kanthi ngenut falsafah U-tri (Ulat, Ulah, lan Ucap).

Ulat, awerdi pasuryanipun panatacara  ingkang sumeh. Ulah, tegesipun tandang tandukipun panatacara boten wigah-wigih  sajak ngungasaken kuwasisanipun. Wondene ucap pikajengipun  wicaranipun panatacara kedah alus 

 

E.     Wibawa

Wibawa utawi kawibawan makaten mujudaken kekiyatan ingkang kadarbe dening satunggaling priyantun ingkang kuwawi mikat dhateng  jiwaning priyantun sanes, satemah priyantun kasebut kepencut ngetut lampahing gagasanipun. Ing basa anyar wibawa saged kajajaraken kaliyan bedhahan : kaluhuran, kamulyan punapa dene kasekten,

Miturut kawruh kajiwan wibawa kapilah dados wibawa asli, wibawa sepuh, lan wibawa pangkat. Wibawa asli inggih punika wibawa ingkang kabekta wiwit lair;  wibawa sepuh inggih punika wibawa ingkang kadayan saking umuripun; dene wibawa pangkat, tegesipun wibawanipun piyantun ingkang dipun sepuhaken. Dipunsepuhaken karana pangkat utawi kuwasisanipun.

Panatacara prayogi mbudidaya murih kawibawan ingkang tumemplek wonten ing sariranipun saged tetep langgeng sinaosa pakaryan ingkang sinengkuyung sampun rampung.

Kajawi saking punika supados kuwawi jumeneng minangka panatacara kados kasebat nginggil, prayoginipun kersa hanggladhi dhiri kanthi tansah ngugemi saptama.  Babaranipun inggih punika :

         1.   Magatra : bleger wewujudan, rupa; adi ing sarira, edi ing busana; trep, pantes, lan jangkep

         2.   Malaksana : tindakipun sapecak sajangkah tinata runtut; luwes mrabawa; manteb; boten ingah-ingih, boten wigah wigih.

         3.   Mawastha :  jumeneng jejeg, boten kendho, boten dhoyong; let antaraning pada boten keciyuten boten kewiyaren.

         4.   Maraga :  boten rongeh, boten edheg, boten gemeter; anteb anteng, ebahing sarira, mustaka, pasemoning wadana nggambar jatining wigati.

         5.   Malaghawa :  trampil trengginas, boten ngleler, boten angas gas-gasan, Cag-ceg sembada ing karya.

         6.   Matanggap :  tanggap salwiring swasana, saged nawung kridha jumbuh kaliyan suwasana, saged damel regeng sumringah, saged nawung dhuhkiteng wardaya raos bela sungkawa.

         7.   Mawwat :  anteb, manteb, tatag, tangguh, tanggon, tanggel jawab wiwit purwa, madya, ngantos paripurnaning karya.

 

F.     Sarana Makarya

Sarana makarya kaperang dados kalih, inggih punika ; ingkang kasat netra tuwin boten kasat netra. Ingkang kasat netra kadosta : busana jangkep, CD / kaset, mike, dlancang cathetan, lsp. Babagan busana sampun katur ing ngajeng. Kajawi busana panatacara prayogi nyawegakaken CD / kaset ingkang badhe kaginakaken. Jalaran njagekaken dhateng juru sound system tartamtu nguwatosaken.

Sarana makarya ingkang boten kasat netra inggih punika arupi kagunan / kuwasisan kados ingkang sampun katur nginggil.

 

 

G.    Papan lan Swasana

Panatacara sageda mindeng papan ingkang prayogi kagem ngayahi gati sarta ninthingi swasana ingkang prelu eguh pratikel tinamtu. Kadosta, swasana regeng punapa sripah; siyang punapa dalu; kawontenanipun para tamu; kasaweganipun paraga sanes; kasaweganipun pasugatan, lsp.

 

H.    Cak-cakanipun pakaryaning panatacara

Prayogi migatosaken lan mbudidaya pratelan ing ngadhap punika :

1)     Panatacara sampun rawuh ing dhapukan panitya utawi pamijining ayahan murih mangertos cengkoronganing gatining acara/adicara.

2)     Mangertos urut-urutaning tuwin peprincen adicara

3)     Adicara punapa, sinten ingkang tanggel jawab, sinten ingkang ngayahi, kados pundi cak-cakanipun lan ubarampenipun, wekdalipun lsp

4)     Panatacara sageda ngacarani sadaya acara/adicara

5)     Panatacara sageda mratelakaken utawi nyebat samukawis kanthi leres lan trep (umpami babagan : asma, gelar, alamat, lsp )

6)     Panatacara tumanggap tuwin nuhoni karsanipun pamangku gati

7)     Panatacara tumanggap tuwin nyembadani tuntutanipun pamurbeng pahargyan

8)     Panatacara mamrih tumataning pahargyan tuwin sageda amurba swasana

9)     Panatacara prayogi sinartan paraga bantu  

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

CENGKORONGAN DHAPUKANING PARAGA HAMONG KARSA TEMANTEN

 

A.   Kridhatama :

 

 

1)         Parampara

:

 

2)         Pangarsa

:

 

3)         Panyitra

:

 

4)         Kahartakan

:

 

 

 

 

B.   Kridalaksita

 

 

1)         Pranata Lampah

:

 

2)         Pangendhaliwara

:

 

3)         Juru Sedhahan

:

 

4)         Juru Laksana (Perlengkapan)

:

 

5)         Juru Pangrenggasasana

:

 

6)         Juru Pranatasasana

:

 

7)         Juru Among Tamu

:

 

8)         Juru Pustaka

:

 

9)         Juru Boga

:

 

10)      Juru Photo / Video Shooting

:

 

11)      Juru Wahana

:

 

12)      Juru Wacana :

 

 

a.    Sesulih Pamangku Gati

:

 

b.    Pasrah Penganten

:

 

c.    Panampi Pasrah Penganten

:

 

13)      Juru Wiraya (Pangapit)

:

 

14)      Juru Baya (Katentreman/Keamanan)

:

 

15)      Juru Nikah :

 

 

a.    Pengulu & Modin / PPN

:

 

b.    Khotbah Nikah

:

 

c.    Seksi

:

 

d.    Pamaos Ayat Suci lan Juru Jarwa

:

 

16)      Juru Rias Penganten

:

 

17)      Paraga Mirunggan :

 

 

a.    Patah kembar

:

 

b.    Satria Kembar

:

 

c.    Putri Dhomas

:

 

d.    Pager Ayu / Bagus

:

 

e.    Subamanggala

:

 

f.      Mapag Besan

:

 

 

TULADHA SAPALA

( Babaring Atur Panatacara ing Pawiwahan - Pahargyan Lenggah )

 

Purwakaning Pahargyan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun, kula nuwun.

Lumintuning pudyastawa saking Gusti Ingkang Maha Asih ambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng para kawula dasih. Kacihna ing ari punika, panjenengan sedaya lan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman, kabagyan, sarta kabagaswarasan.

ü Para pinisepuh, para sepuh, sesepuh, ingkang satuhu pana ing kawruh lebda ing pitutur, ingkang dhahat  kinabekten.

ü Para alim ulama ingkang ing siyang ratri tansah sumandhing pustaka suci wahyuning Illahi,  ingkang dados panuntun kiblating panembah.

ü Para pangemban pangembating praja, satriyaning nagari ingkang sinuba ing pakurmatan.

ü Para sarjana sujana ingkang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya.

ü Para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.

ü Sumrambah para kadang wreda-mudha ingkang magya mulya.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken manengku puja wonten sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Hamurbeng Dumadi, mugi tumapaking gati wiwit purwa, madya dumugining wasana kinalisaken ing rubeda lan sambekala.

Keparengna ing ari punika, Raditya Manis/Minggu Legi katiti surya kaping tiga likur Desember warsa kalih ewu kalih welas,  kula ingkang tinuding jejer ndherekkan pawiwahan tuwin pahargyanipun Nimas Ayu Siti Wulandari putra putri kinasih saking Bapa - Ibu H. Kusumahadi  ingkang pidalem ing Margi Sidoluhur angka selawe,  Kel. Wonosari, Kec. Ngaliyan, Kota Semarang, ingkang jinatukrami kaliyan  Anak Mas  Teguh Raharja  putra kakungipun Bapa - Ibu Sastra Widagdo  ingkang pidalem ing Margi Merbabu angka selikur, Kel. Pulisen, Kab. Boyolali, ngaturaken menggah urut rantamaning adicara.

Titilaksana ingkang kapisan nuwuninggih Pambuka, kalajengaken adicara kaping kalih, lumarabing sri atmaja pinangantyan putri wonten ing samadyaning sasana pawiwahan arsa lenggah ing dampar pinasri.

Adicara kaping tiga, praptaning putra temanten kakung saking sasana palereman tumuju sasana pawiwahan kalajengaken adicara kaping sekawan nuwuninggih pasrah tampi.

Paripurna pasrah tampi tumuli kalajengaken adicara kaping gangsal inggih punika adicara adat panggih, rinakit singep - sindur, krobongan, mapag besan miwah sungkeman, ingkang mangke badhe kapratitisaken juru pangrengga busana-pangadi sarira nuwuninggih Ibu Hj. Anissa Komariyah.

Wondene adicara kaping enem hanenggih atur pambagyaharja.

Atur pambagyaharja paripurna, tumunten lumadi adicara ingkang  kaping pitu nuwuninggih kirab kanarendran.

Sasampunipun temanten sarimbit purna hangrucat busana kanarendran, hangagem busana kasatriyan, rinonce adicara Kirap kasatriyan minangka adicara ingkang kaping wolu.

Saparipurnaning kirab, pinangantyan sarimbit lenggah jajar malih ing kursi pinasri  tumuli rinakit adicara kaping sanga inggih punika adicara Sabda Tama  ( utawi saged kaadanan acara Hastungkara ).

Mracihnani paripurnaning pahargyan wonten ing siyang / dalu punika menawi pinangantyan sarimbit, pamangku gati miwah besan sekaliyan garwa sampun jengkar saking sasana rinengga jumeneng wonten sangajeng wiwaraning sasanaharja.

Makaten sagung para tamu kakung miwah putri ing tuhu minulyeng budi, reroncening adicara ingkang badhe hangrenggani pawiwahan ing wanci punika.

Salajengipun, kanthi tansah hanyadhong pangayoman dhumateng Gusti Ingkang Maha Wasesa, mugi lakisitaning gati wiwit purwa, madya  dumugi wasana lulus raharja kinalisna ing rubeda lan sambekala.

Keparengna upacara tumumuli badhe kula adani. Katur dhumateng para rawuh, mugi wonten kepareng panjenengan sedaya lenggah kanthi mardikaning penggalih, hangrantu adicara salajenhgipun, nuwun.

 

Aturipun panatacara badhe mijilipun temanten putri

Para rawuh kakung miwah putri ingkang winengku ing suka basuki, sampun wonten sasmita, pinanganten putri sampun purna anggenya hangrasuk busana hangadi sarira. Keparenging karsa nedya marak lenggah ing sasana rinengga.

Katur ingkang kinurmat juru pangadi busana keparenga hamratitisaken adicara punika. Katur juru panata gendhing keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Sekarteja Laras Slendro Pt. Manyura, sumangga.

Panyandra mijilipun temanten putri manjing ing sasana rinengga

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar Ketawang Sekarteja, kaya-kaya asung pambagya marang penganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi arsa manjing samadyaning sasana rinengga.

Kawuryan ana teja angenguwung mencorot cahyane, lah punika ta tejane sang sitoresmi ya sri atmaja temanten putri. Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswari nata, tinon saking mandrawa kawuryan abyor mompyor pating galebyar pating calorot pindha kartika sulih sasana.

Meloking wadana katon sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar. Palarapan nyela cendani sinungging pepaes awarna kresna. Rikma anjanges kekes cecundhuk wulan tumanggal, den supit centhung kanan miwah kering lir peksi jiwa-jiwa.  Sunaring netra andamar kanginan.

Hangagem puspita rinonce ing ukelira, sinampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samiranda manda kongas gandane hangambar arum hangebeki sajroning sasana pawiwahan. Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha sardula lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna kang dadi geganthilaning nala.

Prapteng unggyan kang tinuju dening panganthining panganten putri ingkang pinaragan dening Ibu Dewi miwah Ibu Fitri mustikaning pawiwahan gya kakanthi kalenggahaken ing dampar rinengga, hangrantu laksitaning adicara kang wis tinata.

Nalika semana, kawistara sri pinangantyan wus lenggah anggana raras.

 

Aturipun panatacara sasampunipun penganten putri lenggah

Sagung para rawuh ingkang winengku ing pakurmatan, kawistingal sri atmaja temanten putri sampun lenggah anggana raras ing sasana adi. Lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya, kaya-kaya hangrantu praptaning satriya mudha kang dadya geganthilaning nala.

Awit saking punika, jumbuh kaliyan adicara ingkang sampun rinakit badhe lumaksita adicara kaping tiga nuwuninggih praptaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi Bapa Sarjono miwah Bapa Suwito.

Parandene minangka pangarsaning lampah nuwuninggih Bapa Santoso Budaya.

Katur dhumateng para panawung kridha kasumanggakaken

 

 

Panyandra praptaning temanten kakung

Ginupit swaraning gangsa hambabar Ladrang Wilujeng. Ing pangajab mugi tindakipun pinanganten kakung tansah hamanggih wilujeng sepen hing pambeng. Tanggap ing sasmita risang pinanganten kakung, dupi pirsa lamun wus tinengga dening garwa kang dadi pepudyaning nala, daya-daya jengkar saking wisma palereman arsa manjing ing sasana pawiwahan.

Tan pantara dangu, saking gapuraning sasana pawiwahan, kawistingal gumebyaring cahya pindha teja kinuwung prabawa. Saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata punika tejane panganten kakung ingkang binayangkare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.

Gumebyar busananing pinangantyan kakung,  tinaretes benang sotya ingkang hangemba busananing nata. Dampyak-dampyak ingkang samya lumaksana hambayangkare tindakira penganten kakung, pinaragan dening para kadang sentana miwah warga wandawa.

Temanten kakung anggenya lumkasana lengkeh-lengkeh pindha sardula lupa, riak hangajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani eden-eden ingkang hangrenggani tawinging wiwara kang dumadi saking pradapa mancawarna.

Nalika semana tindakira wus unggyan kang tinuju, temanten kakung miwah pangiring lampah gya kendel wonten ing wiwaraning sasana pawiwahan, keparenging sedya hangrantu adicara pasrah-tampa.

 

Aturipun panatacara badhe pasrah-tampi

Para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan,

Putra temanten kakung miwah para pangiring ingkang dipunpandhegani Bapa Santoso Budaya  sampun kandheg ing sasana pasrah tampi. Punika mracihnani badhe lumadi adicara pasrah-tampi.

Babaring pangandikan saking kulawarga agung  Bapa-Ibu Sastra Widagdo badhe kasarira Bapa Santoso Budaya, parandene atur waluyan saking  Bapa-Ibu H. Kusumahadi  sakulawangsa badhe lumantar Bapa Sudarmo.

Katur dhumateng ingkang kinurmat Bapa Santoso Budaya miwah Bapa Sudarmo kasumanggakaken

Paraga pangandikan pasrah jumeneng aben - ajeng kaliyan paraga atur panampi.

(kaprayogekaken sembah kalbu langkung rumiyin saderengipun ambabar pangandikan)

 

Aturipun panatacara sasampunipun pasrah-tampi / badhe panggih

Wijang gamblang pangandikan, terang terwaca ambabar gatining sedya. Sampun paripurna pangadikan saking priyagung kekalih kanthi tatas lan titis. Salajengipun badhe kaadanan adicara adat panggih, krobongan tuwin sungkeman.

Awit saking punika, katur dhumateng ingkang kinurmat Ibu Hj. Anissa Komariyah minangka juru sumbaganing temanten, keparenga hamratitisaken lampahing adicara adat panggih.

Panggihing temanten sarimbit kairing ungeling canthoka munya arebat sekaring balimbing ing warih.

(mungel gendhing  “Kodhok Ngorek” kalajengaken Ktw. Larasmaya Pl. Brg.).

 

Panyandra adat Panggih

Reep tidhem premanem,  datan ana sabawane walang salisik, bebasan ron-ronan tan ebah awit samirana datan lumampah. Kang kapyarsa hamung swara pradangga Lokananta kang ngumandang ing saindhenging sasana wiwaha, awit kena daya pangaribawa ingkang samya binoja krama.

Wus dumugi wahyaning mangsa kala, dhumawahing kodrad saking panguwaosing Gusti Ingkang Hamurbeng Rat. Nalika semana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu miwah wanita ingkang arsa hanetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, hamestuti ila-ila ujaring para kina ingkang pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung.

Nalika semana pinanganten kakung lumaksana hanuju mring sasana piniji, makaten ugi pinangantyan putri jengkar saking palenggahan arsa hamapag rawuhipun ingkang raka-garwa. Lon-lonan anggenira lumaksana pinanganten kekalih, pratanda suka hanengenaken mring rasa pangati-ati.

Dupi wus samya caket anggenira lumaksana, temanten kekalih samya apagut tingal. Tempuking catur netra handayani rasa pangaribawa ingkang mahanani manunggaling cipta, rasa miwa karsa.

Tumuli kumlawe astane samya abebalangan gantal, kinarya pralambang manunggaling sih-katresnan jati pinangantyan kekalih. Gantal ingkang binalangaken dening temanten kakung winastan gondhang tutur, parandene gantal kang binalangaken dening temanten putri winastan gondhang kasih.

Gantal kinarya bebalangan dumados saking sedhah lininting tinangsulan lawe wenang, sarta pinilih suruh ingkang matemu rose, mengku werdi sinandi :

 

·      Suruh, sanadyan dinulu beda lumah lawan kurebe, parandene lamun ginigit padha rasane. Sanadyan kang sajuga priya kang sawiji putri, lamun wus manunggal tekade, bisa manunggal cipta, rasa miwah karsane, pinasthi jatukramane.

·      Tinangsulan lawe wenang awarna seta, werdiniupun sasampunipun tinangsulan ing akrami, dadya paningset ngggenira bebrayan, datan nalisir saking angger-ugering kautamen.

·      Pinilih suruh kang matemu rose, mengku werdi mugi temanten sarimbit manunggal lair batine, widada kang sinedya, lestari kang kaesthi, jumbuh kang gunayuh.  

Pinangantyan kekalih nuli hanyaketi antiga caketing bokor kencana minangka wadhahing sekar setaman. Sigra antiga tinapak ing padaning temanten kakung, pecah sanalika. Sayekti kinarya pralambang tekade, anggenya badhe mecah saking panggulawenthahing rama-ibu, arsa madeg balewisma mandhireng pribadi, kinarya sarana tumangkaring wiji murih lestarining tumuwuh.

Temanten putri daya-daya hanjengku sarwi sumembah, tumuli amijiki samparanipun ingkang raka-garwa. Punika pratandha prasetyanipun temanten putri anggenya badhe setya bekti dhateng guru nadi, asih mring sesami, sarta reresik lair trusing batos, datan lirwa tansah sumembah mring Gusti Kang Maha Suci.

Nalika semana pinangantyan kekalih sampun jemeneng jajar akekanthen asta, tumunten sinengeban sindur dening ingkang ibu, parandene rama ing ngarsa angasta poncoting sindur gya kakanthi tumuju sasana rinengga ya kursi palakrama.

Kawistingal lon-lonan lan kebak ing pangati - ati anggenira lumaksana, Bapa             H. Kusumahadi hanganthi temanten kekalih tumuju sasana rinengga. Sayekti kinarya pralampita bilih bebrayanipun temanten sarimbit tansah tinuntun dening reh darmaning palakrami, jumbuh paugeraning agami, nagari miwah adad tradhisi.

Wus prapteng unggyan kang tinuju, hanenggih kursi palakrami, sindur gya linolos, Juru Sumbaganing temanten  tumuli mratitisaken adicara bobot timbang.

Bapa H. Kusumahadi gya lenggah ing dhampar pinasri, temanten sarimbit pinangku dening ingkang rama. Kawijil pangandikanipun Ibu Hj. Kusumastuti, nyuwun pirsa dhumateng ingkang garwa :

Ibu Hj. Kusumastuti      : “Pripun Bapakne, abot pundi anake saklorone?”.

Bapa H. Kusumahadi : “Padha bobote Bune, ora ana bedane”.

Imbal wacana Ibu Hj. Kusumastuti kaliyan Bapa H. Kusumahadi anggambaraken katresnanipun dhumateng putra temanten kekalih boten wonten bentenipun, arsa karengkuh sami boten badhe emban cindhe emban siladan, badhe karengkuh kadidene putra pribadi.

Paripurna adicara bobot timbang, tumuli kaadanan adicara tandur utawi tanem.  

Putra temanten kekalih kalenggahaken ing kursi palaminan, candrane pindha raja tuwin prameswari. Upacara punika kinarya pralambang, bilih ing bebrayan agung kalamun nandur kabecikan bakal ngundhuh kabecikan, parandene kalamun nanem awon ugi bakal nukulaken ingkang awon.

Salajengipun badhe lumadi adicara kacar-kucur. Kawistingal temanten kakung ngasta klasa bangka minangka wadhahing ubarampe kacar-kucur.  Ubarampe kacar-kucur dumados saking uwos jene, kedhele pethak, kedhele cemeng, kacang ose lan tholo, kemiri gepak miwah arta receh. Sedaya ubarampe kasuntak ing pangkonipun temante putri ingkang sampun siyaga hanampi kanthi linambaran mori.

Punika minangka wewarah dhumateng ngagesang , bilih jejering kakung kedah dados guruning bale wisma, paring guna kaya nyekapi kabetahan bale wisma. Semanten ugi temanten putri ingkang nampi tansah sageda dados garwa ingkang ngrigenaken guna kaya kanthi gemi, nastiti, ngati-ati.

Adicara kacar-kucur paripurna tumunten kalajengaken dhahar kembul. Pinangantyan sarimbit samya dhahar kembul, dulang dinulang kinarya pralambang prasetyanipun, tu-biyantu, mad-sinamadan,  kekalihipun nedya sebaya papa sebaya mulya. Pahit getiripun agesang badhe karaosaken sesarengan.

Sasampunipun dhahar kembul utawi dhahar walimah, adicara salajengipun nuwuninggih ngunjuk tirta wening. Temanten kekalih kawistingal ngunjuk toya wening mengku sasmita mugi  anggenipun mangun bale wisma lelumban ing madyaning bebrayan, sadhengah tindak- tanduk, muna - muni    tansah linambaran ati kang wening sinartan paminta dhumateng Gusti Kang Maha Suci.

 

Aturipun panatacara badhe mapag besan

Paripurna tumapaking adicara adad panggih miwah krobongan, sampun wonten sasmita bilih besan sarimbit  panjenenganipun Bapa - Ibu Sastra Widagdo kepareng badhe rawuh.

Awit saking punika katur dhumateng ingkang kinurmat Bapa Wasita sekaliyan garwa, keparenga jengkar saking sasana lenggah tumuju ing sasana palereman handherekaken besan sarimbit manjing ing sasana rinengga arsa nampi sungkemipun para putra. 

Rawuhipun besan adamel suka ing wardaya  Bapa  H. Kusumahadi sekaliyan garwa sumarambah putra temanten kekalih. Rawuhipun besan sarimbit andadosna jampi kapangipun. (Ldr. Kapang-kapang)

 

Panyandra mapag besan

Wus kawuryan besan sarimbit jengkar saking wisma palereman, kekalihipun tindak reruntungan kadherekaken paraga piniji nuwuninggih Bapa Wasita sekaliyan garwa.

Ing wardaya kaya-kaya kepingin malumpat, rebat rikat arsa paring pangestu dhumateng kang putra, miwah raos kapang dhateng besan sarimbit. Dupi pirsa besan kepareng rawuh, Bapa H. Kusumahadi sekaliyan garwa daya-daya jengkar saking palenggahan arsa hamapag rawuhipun besan.

Gantya kang winuwus, nalika semana para priyagung catur samya ajejawat asta. Bapa H. Kusumahadi sekaliyan garwa asung pambagya tumuli  Bapa Sastra Widagdo sarimbit kadherekaken lenggah ing sasana piniji.

 

Aturipun panatacara badhe sungkeman

Para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing kabagyan. Para pepundhen catur sampun lenggah ing sasana piniji, siyaga hanampi sungkeming para putra , awit saking punika badhe lumaksana adicara sungkeman.

Katur ingkang kinurmat Ibu Hj. Anissa Komariyah minangka juru sumbaganing temanten, keparenga hamratitisaken sungkeming temanten sarimbit.

 

Panyandra sungkeman

Dupi pirsa lamun para pepundhen catur wus lenggah jajar ing sasana piniji, temanten sarimbit daya-daya lengser saking palenggahan gya mangarsa ngaturaken sungkem dhumateng ibu-rama.

Repepeh-repepeh pindha sata matarangan, ngabyantara sumungkem ing jengkunipun tiyang sepuh. Wadana tumunmgkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta sumembah, sinartan heninging cipta anyadhong pangastawa saking ibu-rama.

Gilir gumanti temanten sarimbit hangaturaken sungkem dhateng pepundhen catur, nyuwun agunging pangapunten sedaya kalepatan, awit tansah adamel repotipun tiyang sepuh. Ngaturaken agunging panuwun sarta nyuwun pangestu arsa lelayaran ing samodraning bebrayan.  

Senadyan lir sinendhal mayang penggalihipun ibu tuwin rama dupi hanampi sungkeming para putra, parandene para pepundhen catur samya paring donga pangestu mring putra temanten sarimbit.

Mugi-mugi anggenipun mangun bale wisma, lelumban ing madyaning bebrayan tansah amanggih kabagyan, katentreman, jumbuh kang ginayuh, dadi kang kaesthi, sembada kang sinedya.

Aturipun panatacara badhe pambagyaharja

Sampun paripurna adicara sungkeman utawi ngabekten, salajengipun pamengku gati arsa atur pambagyaharja dhumateng para tamu. Esthining driya Bapa H. Kusumahadi nedya lumarab matur pribadi, parandene kabekta saking raos bombong saha bingahing manah, satemah tan saged kawijil aturipun hamung kandeg ing madyaning jangga. Awit saking punika atur pambagyaharja badhe kasarira Bapa Suprayitno. Katur dhumateng ingkang kinurmat Bapa Suprayitno, keparenga jengkar saking pelenggahan jumeneng ing sasana sabda, jinajaran Bapa Bambang tuwin Bapa Ikhsan, sumangga.

 

----Paraga Atur Pambagyaharja medharsabda----

 

Aturipun panatacara badhe kirab kanarendran

Para tamu kakung miwah putri ingkang minulyeng budi. Sampun sawetawis temanten sarimbit anggenya lenggah ing kursi pinasri. Keparenging karsa nedya manjing ing panti busana ngrucat busana kanarendran gya hangrasuk busana kasatriyan.

Jengkaring temanten sarimbit lamun cinadra  kadya Sri Narendra kang arsa tedak mring kawulanira. (mungel Ktw. Langengita Srinarendra)

 

Panyandra kirab kanarendran

Rampak runtut swaranya hanganyut-anyut, lah punika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang Langengita Srinarendra, umiring tindakira mustikaning pawiwahan, sekaring pahargyan anenggih sang pinangantyan sarimbit, ingkang arsa kirab, nulad adi endahing budaya.

Lamun cinandra lampahing kirab, kang lumaksana ing ngarsa hanenggih sang subamanggala, juru panitising lumaksana ingkang pinaragan dening Bapa Hadi Prabawa. Dhasar piyantun sampun cekap yuswa, dedeg pidegsa, pangawak pradata, sembada ing driya tan mingkuh salwiring kewuh, bangkit angentasi karya. Kasembuh wiwit nalika timur mula anggung ginunggung, ginala-gala ingulig marang pepoyaning kautamen, mila boten mokal kalamun ta anggenira kapiji minangka pangarsaning kirab ya subamanggala, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subasita. Kautamaning sang Subamanggala saya ngalela, kacihna lebda ing edi endahing biudaya, katitik anggenira mangarsani kirabing temanten, tumapaking pada, ebahing mustaka, luwesing asta, tinata runtut nut wiramaning gangsa. Kawuryan wadana madhep pandulu tumungkul ing bantala, sakedhap-sakedhap asta ngapurancang.

Sawurining sang subamanggala, katingal ana jejaka tumaruna lumaksana jajar, busana kembar sarwi jenar, wadana ambabar bingar, andadosna pra kenya samya kumesar andulu bregase satriya kembar. Lah punika ta ingkang winastan manggalayuda, ya pratiwa manggala, ya talangpati ugi sinebat satriya kembar. Jroning lumaksana tansah mabukuh prayitneng kewuh, hanjagi kayuwananing sang pindha nata. Satriya kekalih samya bagus pasuryane, sembada salirane, pramila pantes lamun kinarya bebentenging Sri Nata sajroning lumaksana. Sinten ta ingkang piniji minangka Talangpati? Hanenggih Dhimas Joko miwah Dhimas Sembada.   

Kang lumampah sawurining manggalayuda, ana warara alit jajar kalih,  punika ta warnanira patah kembar. Wara alit kang taksih prasaja, nadyan lumaksana semu pepeka, parandene datan dadya kuciwa, malah akarya sengseming nala.

Sinigeg kang winursita gantya kang rinumpaka,

Abyor mobyor, pating galebyar pating pancurat busanane kang apindha nata, lamun cinandra pindha daru alelana. Pinangantyan kakung ngangem busana narendra, makutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil, sangsangan rukmi carob wor kalawan sangsangan mlathi  rinonce, busana awarna kresna sinulam benang kencana pinentha roning gadhung hamalengkung, prabane angenguwung.   Paningset cindhe winangun sekar mancawarni, epek baludru sinulam benang kencana, wimbuh mungguh amantesi. Nyangkelit wangkingan warangka waladrang, rinengga puspita adi rinonce satekem gedhene, angalewer, ebah-ebah kinarya lumampah hanambahi gagah. Nyamping pinarada ing kencana tinaretes, gumebyar anelahi. Canela warna kresna rinenggeng sesotya, pating galebyar kinarya lumaksana, pindha sirahing nagaraja ingkang nuju tapak maruta.

 Kuwung-kuwung, akekuwung hambabar teja manda-maya, ya tejaning sang sitoresmi ya temanten putri, pranyata tan kuciwa memanise, meloking wadana sumunar agilar-gilar, angelam-lami pindha kencana binabar. Palarapaning temanten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng, meles, menges, anjanges pantes. Sasolahe milangoni, rinengga ing busana kang edi, ngagem cundhuk mentul cacah pitu tinarates sesotya kang tansah ebah-ebah kinarya lumampah, kalamun cinandra kadi anggane wong ayu kang angawe-awe kekasihe. Ukel rinengga ponang puspita endah kawuryan asri yen dinulu. 

Sangsangan rukmi miwah mlathi tumibeng jaja, satuhu karya lam-laming kang samya humiyat. Kebayaknya awarni langking sinulam benang kencana kembar padha irenge kaliyan busanane temanten kakung. Cetha kalamun panganten sarimbit wus nunggal cipta, rasa lan karsa. Mila jroning lumaksana tansah rapet supeket gegandhengan asta datan ginggang sarikma pinara sasra.

Cat-kicating pada jumangkah gumebyar dening rengganing canela kang sarwa sesotya, asri dinulu.

 Lumaksana jajar kalih dhampyak-dhampyak, punika ta warnanira para warara pangiringing lampah ingkang pindha putri dhomas. Pinilih para kenya ingkang maksih rumaja putri, sulistya ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati,  upamia puspita nedheng-nedhenging mekarsari, nulad mring laksitaning pra putrid pinunjul ing nguni, bekti tresna ing sesame. Maneka warna busanane kadya puspita hanjrah salebeting taman.

Ingkang lumaris sawuntatira, para kadang warga wandawa, sami-sami sarimbit kalayan garwa, tansah jumurung hangiring kirabing panganten sarimbit. Ingkang tansah tut wuri handayani lampahing panganten kekalih, minangka pethiting lampah, rama lan ibu ingkang hamengku gati. Bombong sarta birawaning manah, dene atmajane wus kalampahan jinatukrama ing kakung kang wus dadya antebing ati sarta kaidini dening pra sepuh anut reh satataning nagari, agami miwah tradhisi. Ugi paring pangestu sagungpara tamu.

Pramila jroning lumaksana pethiting lampah tansah asung pepuji ing salebeting kalbu dhumateng Gusti Kang Maha Agung, mugi-mugi berkah lan pangestuning para sepuh, para tamu  andayanana mring sri penganten sarimbit.

 

Aturipun panatacara badhe kirab kasatriyan

Sagung para rawuh, sampun wonten sasmita bilih temanten sarimbit sampun purna anggenira ngrucat bucana kanarendran, angrasuk busana kasatriyan, pramila pinangantyan sarimbit badhe mijil saking panti busana manjing malih hing sasana rinengga. Kanthi makaten mracihnani lumadining Kirab Kasatriyan. 

Tindakira temanten sarimbit hanggung sinuba-suba ing marga (mungel Ktw. Subakastawa).

 

Panyandra kirab kasatriyan

Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa. Lamat-lamat kapiyarsa larasing gendhing Ktw. Subokastawa. Tan pantara dangu, katingal Sri atmaja pengantern sarimbit dening Ki Subamanggala gya kakirabaken  manjing madyaning sasana pahargyan. 

Tataning lampah sajuru-juru kadya napak tilas tataning kirab sakawit. Ingkang lumaksana ing ngayun nenggih sang subamanggala, sumusul sawingkingipun sang manggalayuda. Datan kantun Patah sakembaran, ingkang tan keri kalayan kepete.

Sawingkingipun patah, punika ta warnanira pinanganten sarimbit, kang wus hangrasuk busana kasatriyan. Sangsaya bagus pasuryane pinanganten kakung, sangsaya sulistya citrane pinanganten putri, sawusnya hangrasuk busana kasatriyan. Risang temanten sarimbit sangsaya angenguwung prabane, sangsaya mancorong guwayane, sangsaya manteb penggalihe.

Jroning lumaksana kekalihira tansah akekanthen asta prasasat tan bisa pisah, pindhane renggang gula kumepyur glali. Kekalihira satuhu wus trep pindha curiga manjing jroning warangka. Sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri parandene kekalihira wus manunggal ing cipta rasa myang karsane …. Paraning sedya arsa lelayaran ing samodraning agesang bebrayan, sajuga kang sinedya nggayuh kulawarga kang bagya lan mulya. Pramila jroning lumaksana tansah bambabar esem kang sarwa manis , ing semu kejawi hangaturaken agunging panuwun, nanging ugi tansah nyuwun tambahing pangestu dhumateng sagung para tamu, murih sembada ingkang sinedya.

Gantiya ingkang winuwus. Kang lumampah sawingkinging pinanganten sarimbit, nenggih para putri dhomas. Adhampyak-dhampyak lampahe sarwa sigrak, dedeg piadege racak, dhasare endah anggone macak, eseme semanak, mila mboten mokal lamun ingkang nyawang samya cingak.

Panutuping Kirab nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit. Samya bombong jroning pengghalih, dupi hamriksani pinanganten sarimbit datan kuciwa. Saya wuwuh sukaning penggalih para werdha catur, pindhane kadya kajugrugan wukir sari karoban samodra madu, dupi hamriksani kathahing para tamu ingkang samya kepareng rawuh. Katingal para tamu samya karenan jroning penggalih, pratandha suka jumurung hastuti mring kang lagya hanawung darmaning asepuh. Tan rinasa, ing mangke rising penganten sarimbit wus ngancik unggyan kang tinuju. Daya-daya dening Ki Subamanggala gya kaaturan lenggah malih ing dhampar pinasri

Gelising carita, dupi wus sembada hangayahi karya, ki subamanggala gya paring sasmita dhumateng para pangayabing kirab, kinen wangsul mring papaning sowang-sowang. Pra paraga kawistara suka ing wardaya dupi wus bangkit hangentasi karya.

 

Aturipun panatacara badhe paripurna

Para sepuh, aji sepuh ingkang satuhu kinabekten, sagung para tamu ingkang winengku ing kabagyan.

Adicara pahargyanipun Nimas Ayu Siti Wulandari putra putri kinasih saking Bapa - Ibu H. Kusumahadi  ingkang jinatukrami kaliyan  Anak Mas  Teguh Raharja  putra kakungipun Bapa - Ibu Sastra Widagdo  ndungkap paripurna.

Katur dhumateng  Bapa - Ibu H. Kusumahadi  tuwin Bapa - Ibu Sastra Widagdo sumrambah temanten sarimbit, keparenga jengkar saking sasana rinengga tumuju lan jumeneng ing sangajeng wiwaraning sasana pahargyan saperlu nyuwun pangestu sinartan ngontabaken konduripun para tamu.

Aturipun panatacara mungkasi adicara

Para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing suka basuki

Kairing ngumandanging Ayak-Ayak Slendro Manyura.  Kawistingal pamangku gati, besan sekaliyan garwa tuwin temanten sarimbit kepareng sampun jumeneng ing sangajeng korining sasana pahargyan. Punika kinarya pratanda bilih pahargyan ing titi wanci punika sampun paripurna.

Pamangku gati sarimbit lumantar kula ngambali ngaturaken aguning panuwun awit rawuh panjenengan sedaya, paring donga pangestu ugi tandha tresna ingkang awujud punapa kemawon, saestu adamel bingahing  Bapa - Ibu H. Kusumahadi sakulawarga.

Pamangku gati kanthi andhap asoring manah nyuwun samudra pangaksama, nglenggana anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya temtu wonten samukawis ingkang adamel cuwa.

Dene kula pribadi, ingkang piniji ndherekaken adicara pawiwahan-pahargyan punika tansah anyadhong duka awit tebih saking paramasastra,  kiranging subasita tuwin cetheking pangertosan kula.

Ndherekaken sugeng kondur sinartan pemuji mugi panjengan sedaya tansah kinasilaken ing rubeda, dumugi dalem sowang-sowang pinanggih kulawarga kanthi bagya mulya.

Ing wasana sumangga asesanti : Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti.

Nuwun, matur nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

TULADHA PASRAH PENYINGSET

 

Nuwun, Kula Nuwun.

Kasugengan, katentreman, kamulyan tuwin kabagyan awit peparing saking Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Asih mugi tansah kajiwa kasarira ing jiwangga panjenengan sedaya lan kula waradin sagung dumadi.

  • Ingkang winantu ing pakurmatan Bapa…………………………....(asma ingkang nampi) ingkang hangemban wajib luhur minangka sulih sarira Bapa/Ibu…………………...…….(asma Bapa/Ibu CPP) sekaliyan.
  • Ingkang dhahat kinurmatan Bapa/Ibu……………………..………(asma Bapa/Ibu CPP).

Ingkang langkung rumiyin, keparengna kula minangka talanging atur Bapa / Ibu ……………………………… (asma Bapa / Ibu CPK) nepangaken nama kula. Ingkang kesdu hanimbali kula pun …………………………………………….

Sowan kula ing titi wanci punika ndherekaken Bapa……………………..(asma Bapa/Ibu CPK) sekaliyan garwa, kairing sesepuh, sanak kadang tuwin mitra pitepangan keparengna matur wonten ngarsanipun Bapa/Ibu……………………………

Atur kula ingkang kapisan, nuwuninggih ngaturaken salam taklim saking Bapa…………………sekaliyan garwa mugi katur dhumateng Bapa/Ibu……………….…sakulawangsa, sinartan pepuji mugi tansah kinayoman denging Gusti Ingkang Hamurbeng Dumadi.

Kaping kalih, gegayutan kaliyan manunggaling karsa anggenipun badhe sami ngraketaken pasedherekan kanthi mangun bebesanan lumantar palakraminipun  Anak Mas……………………………atmaja kakung saking Bapa/Ibu……………………………….kaliyan Nimas Ayu…………………………….. putra putrinipun Bapa/Ibu……………………………sekaliyan, kula kautus hangaturaken ubarampe sarat sarana palakrama kinarya hanetepi adat tatacara ingkang lumaksana.

Ananging nyuwun samodra pangaksama bilih sarat sarana ingkang katur namung sepala lan boten kula sebataken setunggal mbaka setunggal. Mbok bilih sarat sarana kalawau kirang ndamel sarjuning panggalih, Bapa/Ibu……………….(Bapa CPK), nyadhong samodraning pangaksama.

Kaping tiga, sowan kula ugi hanganthi calon putra tematen kakung Anak Mas………………………….

kanthi sowanipun calon temanten kakung punika minangka pratandha bilih anak kula calon temanten siyaga nindakaken jejibahan ngenut rantaman adicara ingkang sampun karantam.

Boten katalompen Bapa/Ibu……………..sakulawangsa tansah ndherek dedonga mugi reroncening adicara ingkang sampun karacik saha karantam saged lumaksana kanthi tumata datan manggih rubeda.

Nglenggana, sowan kula sapangiring temtu wonten suba sita ingkang kirang damel renaning driya mawantu-wantu nyuwung agunging  pangaksama. Semanten ugi kula pribadi, minangka talanging atur, temtu wonten subasita ingkang boten tumata, kaladuking atur ingkang ngelantur, kanthi andhap asoring manah nyuwun samudra pangapunten.

Makaten atur kula,

Nuwun…, matur nuwun

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

TULADHA NAMPI PASRAH PENYINGSET

 

Nuwun, Kula Nuwun.

Sih nugraha miwah wilasaning Gusti Ingkang Maha Wasesa, mugi tansah kajiwa kasarira ing jiwangga panjenengan sedaya lan kula waradin sagung dumadi.

  • Ingkang kinurmat Bapa………………..(asma ingkang pasrah) ingkang jumeneng minangka duta saraya Bapa/Ibu……………….…..(asma Bapa/Ibu CPK) sekaliyan.
  • Ingkang sinuba ing pakurmatan Bapa/Ibu………………………(asma Bapa/Ibu CPK).

Keparengna kula pun……………………………...……… kadhawuhan matur  minangka sulih raga Bapa/Ibu……………………… (asma Bapa/Ibu CPP) tumanggap pangandikan panjenengan.

Saderengipun kula tumanggap matur,   Bapa/Ibu……………………. ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapa/Ibu……………………….sekaliyan garwa tuwin sesepuh, sanak kadang saha para pangiring.

Kapisan, paring salam taklim saking Bapa…………………………sarimbit garwa, kula tampi kanthi bingahing manah lan badhe kula aturaken dhumateng Bapa-Ibu………………………

Kaping kalih, paring sarat sarana minangka panyingsetipun pirembagan tuwin tetangsulaning katresnan saestu damel remening Bapa/Ibu………………………….. mugi sageda dados sarana ngrumaketaken pasedherekan antawisipun kulawarga Bapa/Ibu …………………….tuwin kulawarga…………………………. 

Kaping tiga, rawuh panjenengan hanganthi calon putra temanten kakung Anak Mas  …………………………saestu saged damel bombong manahipun Bapa/Ibu……………………...

Paring donga pangestu panjenengan sedaya sageda handayani kulawarga Bapa/Ibu……………………tuwin Bapa/Ibu …………………………sagotrah anggenipun badhe nglampahi reroncening adicara ingkang sampun tinata.

Bapak/Ibu……………………………………anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sinaosa sampun karantam kanthi mathing-mathing namung temtu taksih wonten kekirangan, satemah dadosaken cuwaning manah panjenengan sedaya. Lumantar kula tansah hanyadhong lumunturing sih samodra pangaksama.

Semanten ugi kula ingkang matur hananggapi pangandikan panjenengan, temtu wonten wicara tuwin basa  ingkang boten jumbuh paramasastra, saha tatakrami ingkang boten prayogi, nyuwun agunging jalanidi pangaksami.

Makaten atur kula,

Nuwun…, matur nuwun

TULADHA PAMBAGYAHARJA ING ACARA  PANYINGSETAN

 

Nuwun, Kula Nuwun.

  • Para alim ulama, ingkang siyang ratri tansah sumandhing pustaka suci wahyuning Illahi, ingkang dados panuntun kiblating panembah.
  • Para sepuh, sesepuh ingkang satuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur ingkang dahat binektenan
  • Para satriya prawiraning nagari, pangemban pangembating praja, pangayomaning kawula dasih ingkang dhahat pantes sinudarsana
  • Ibu-Bapa para tamu sumrambah kadang wredha mudha ingkang satuhu bagya mulya

 

Ing ari punika, Raditya Cemengan inggih Minggu Wage surya kaping…………… 2013. mradapa dhawuhipun Ibu-Bapa ………………………… keparengna kula matur wonten ngarsa panjenengan sadaya.

Ingkang langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya lan kula tansah ngunjukaken puja pudyastuti dhumateng Gusti Ingkang Maha Wasesa, ingkang sampun hambabar sih kanugrahan ingkang awujud kawilujengan, kasarasan, katentreman miwah kabagyan dhumateng panjenengan sadaya lan kula, satemah saged makempal manunggal wonten dalemipun Bapa………………………………. kanthi wilujeng tebih saking pambeng, widada datan manggih rubeda.

Ingkang sepisan, Bapa/Ibu ………………………….sekaliyan garwa ngaturaken pambagya wilujeng, sugeng rawuh sinartan agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenengan sedaya  sampun kesdu nyisihaken wekdal saha ngetheng-enthengaken salira, rawuh wonten sasana pahargyan ngriki. Mugi penjenengan sadaya kepareng pinangka paseksi saha paring puja pangestu dhumateng  Bapa/Ibu ……………………………….sekaliyan anggenipun badhe hanyingseti pirembagan kaliyan Bapa/Ibu ……………………………….sarimbit garwa ingkang pidalem ing…………………………………………, gegayutan kaliyan anggenipun badhe malakramakaken putra putrinipun ingkang asesilih ………………………………………..kaliyan Anakmas Bagus  ……………………………...

Mugi paring donga pangestu panjenengan saged handayani dhumateng putra kekalih, satemah saged kasembadan palakrami miwah mangun balewisma bagya mulya kang sinedya

Salajengipun, ingkang amengku gati ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, tumrap sedaya paring panyengkuyung ingkang awujud bau suku, iguh pertikel, saha tandha tresna ingkang awujud punapa kemawon. Punika sadaya sayektos adamel pangentheng-entheng sesanggeman, satemah damel rancag-gancaring pahargyan,  sarta bombonging penggalih Bapa/Ibu ………………………………..sakulawangsa.

Sambet kaliyan sedaya sih kadarman panjenengan kala wau, panjenenganipun boten saged atur piwales punapa-punapa, kajawi amung sumarah dhumateng Ingkang Maha Mirah, mugi panjenengan sadaya pikantuk piwales ingkang linangkung.

Para sepuh, sesepuh ingkang dhahat pinundhi,

Para rawuh kakung miwah putri ingkang manggya suka basuki,

Bapa miwah Ibu ……………………………sagotrah, anggenipun badhe ngacarani rawuh panjenengan lugunipun sampun karantam, katata, kagantha-gantha mrih boten nguciwani. Ananging Bapa-Ibu ………………………………..nglenggana taksih wonten kalepatan saha kekirangan tumrap sadaya aruh, lungguh, rengkuh miwah suguh. Awit saking punika, kanthi andap asoring manah panjenenganipun sagotrah nyuwun agunging jalanidhi pangaksami

Dene kula ingkang sinaraya hanawung kridha minangka talanging basa saking ingkang amangun suka, sadaya unggah-ungguh ingkang kirang jumbuh, suba-sita ingkang damel kuciwa, tumpang suhe basa saha lepat pangrakiting ukara, mugi panjenengan kesdu paring pangaksama 

 

Panutuping atur,

Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti

Nuwun, Matur Nuwun




TULADHA PASRAH CALON / TEMANTEN KAKUNG BADHE IJAB / PANGGIH

 

Nuwun, Kula Nuwun,

Sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, mugi tansah kajiwa kasarira wonten ing jiwangga panjenengan sedaya lan kula waradin sagung dumadi

  • Ingkang satuhu kinurmatan Bapa……………………….…(asma ingkang nampi) ingkang jumeneng minangka sulih sarira Bapa/Ibu…………………….(Bapa CPP) sekaliyan.
  • Ingkang winantu ing pakurmatan Bapa/Ibu……………………(Bapa CPP) sakulawarga.

Keparengna kula minangka talanging basa saking Bapa/Ibu………………………(Bapa CPK) matur wonten ngarsa panjenengan :

Atur kula ingkang kapisan, nuwuninggih ngaturaken salam taklim saking Bapa……………sekaliyan garwa mugi katur dhumateng Bapa/Ibu…………………sarimbit, sinartan pepuji mugi Bapa/Ibu……………….tansah pinaringan rahmating Gusti Ingkang Maha Suci satemah hamanggih suka basuki.

Kaping kalih, sowan kula kinen hamasrahaken calon pengantin kakung  Anakmas…………………………. putra kakungipun Bapa/Ibu………………………..kanthi pangajab mugi kaijab kabulaken  kaliyan Nimas Ayu………………….atmaja putri kinasih  Bapa……………………sekaliyan ngenut   satataning agami miwah angger-anggering nagari.  Awit saking punika mugi wonten kepareng panjenengan hanampi kanthi rila legawaning wardaya.

Kaping tiganipun, kula sapangiring ndherek nyenyuwun mugi lampahing adicara ingkang ginelar samangke tansah pinaringan lulus raharja nir ing sambekala saking Gusti Ingkang Maha Wisesa. Sedaya pamurbaning adicara kula sumanggakaken dhumateng kulawarga Bp/Ibu………………

Sowan kula sapangiring temtu wonten wicara tuwin suba sita ingkang kapenggalih kirang damel renaning driya mawantu-wantu nyuwung agunging  samodra pangaksama. Dene kula pribadi, minangka talanging basa tebih saking kawruh paramasastra, sarta kiranging trapsila, kaladuking atur ingkang ngelantur, kanthi andhap asoring manah nyuwun pangapunten lan pitutur.

Nuwun…, matur nuwun.

 

Menawi pasrah / tampi ing adicara panggih :

  • Calon pengantin  kagantos  pengantin
  • Kaijab kabulaken  kagantos  kapanggihna
  • Satataning agami miwah angger-anggering nagari  kagantos  adat widi widana ingkang lumampah ing tlatah ngriki

 

TULADAHA NAMPI PASRAH CALON / TEMANTEN KAKUNG

BADHE IJAB / PANGGIH

 

Nuwun, Kula Nuwun

  • Ingkang winantu ing pakurmatan Bapa………………….………, ingkang hangemban wajib luhur saking Bapa/Ibu…………………………… sekaliyan garwa
  • Baraya agung Bapa/Ibu………………………ingkang satuhu winengku ing karaharjan, sumarambah para Ibu, Bapa dalah kadang pangiring calon / temanten kakung ingkang satuhu bagya mulya

Keparengna kula ingkang tinuding lan sinaraya dados talanging basa  Bapa/Ibu………………..… sakulawangsa, matur tumanggap pangandikanipun Bapa/Ibu…………………… sarimbit garwa lumantar Bapa …………………….

Purwaning atur, kula ngaturaken pambagyaharja sugeng rawuh dhumateng ingkang kinurmat Bapa/Ibu…………………….sumrambah para pangiring calon / temanten kakung

Salam taklimipun Bapa/Ibu……………………… ingkang kaparingaken dhumateng    Bapa/Ibu……………….. sekaliyan garwa katampi kanthi bingahing manah, kosok wangsulipun Bapa-Ibu……………………….ugi ngaturaken salam taklim katur dhumateng panjeneganipun Bapa/Ibu…………………………… sagotrah, sinartan pepuji mugi-mugi tansah kinayoman dening Gusti Ingkang Hamurbeng Dumadi.

Pamasrahing calon temanten kakung Anakmas …………………………….ugi kula tampi kanthi suka renaning manah ingkang  tanpa upami, lan badhe kaijab-kabulaken kaliyan Nimas Ayu …………………………………….. jumbuh kaliyan agami tuwin satataning nagari.

            Salajenganipun, sumangga panjenengan lan kula tansah memuji mring kang Maha Suci mugi calon penganten kekalih sageda anggayuh kamulyaning gesang, jumbuh kang ginayuh, dadi kang kaesthi.

Bapa/Ibu………………………..sakulawarga nyuwun sih lumunturing samodra pangaksama, awit anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sadaya kirang adamel suka rena. Kula pribadi ingkang matur minangka sulih salira ingkang hamengku gati ugi nyuwun agunging pangaksami sedaya kekirangan sarta kalepatan.

 

Purnaning atur,

Nuwun, Matur Nuwun

 

 

TULADHA PASRAH TEMANTEN SARIMBIT ING ADICARA BOYONG MANTEN

 

Nuwun,  Kula Nuwun.

  • Ingkang dhahat kinurmatan Bapa………………….. ingkang jumeneng minangka sulih sarira Bapa/Ibu…………………………….sakulawangsa.
  • Ingkang winengku ing karaharjan Bapak/Ibu……………………..

 

Purwaning wicara kula sapangiring tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, dene sowan kula sapangiring pinaringan kawilujengan satemah saged mboyong risang pinanganten sarimbit ingkang sinengkuyung para sepuh, sanak kadang tuwin mitra pitepangan.

Keparengna kula minangka sulih raga saking Bapa/Ibu………………………….matur wonten ngarsa panjenengan.

Kapisan, kula ngaturaken salam taklim saking Bapa/Ibu………………………..mugi katur Bapa/Ibu………………………………sagotrah.

Kaping kalih, sowan kula hanganthi risang pinanganten sarimbit kaboyong saking…………………………….dumugi wonten ing wisma ngriki. Mugi handadosna kawuningan bilih putra temanten sarimbit sampun dhaup palakrama rikala dinten………………….surya kaping………………….titi wanci tabuh………….mapan wonten ing…………………………. Risang pinanganten sarimbit winiwaha sarta pinahargya mawi adat jawi kanthi prasaja.

Kaping tiga. rehning sampun kirang langkung sepeken sarta mundhi dhawuh pamundhutipun Bapa/Ibu…….........................,  putra temanten sarimbit kula sowanaken lan kula pasrahaken dhumateng Bapa/Ibu………………………sakulawangsa.

Sadangunipun cumondhok ing papan kula, Anakmas Bagus…………………………..kaliyan Nimas Ayu…………………………….kawistingal atut-runtut runtang-runtung rerentengan pindhanipun datan ginggang sarikma pinara sasra. Sedaya kalawau boten uwal saking pitutur luhur saking para sepuh, tuwin puji pandonga sesepuh miwah kulawarga sarta kadang mitra cinaket. Mugi kawontenan punika saged lestari tumekeng wuri, ngantos kaken-kaken ninen-ninen.

Panyuwun kula, mugi wonten kepareng panjenengan nampi putra temanten kekalih karengkuh putra piyambak. Rehning putra manten taksih mudha tumaruna, dereng cekap ing ngelmi gesang bebrayan, pramila dhumateng Bapa/Ibu………………………………………mugi kersaa paring pitedah miwah wewarah amrih gesangipun saged manggihaken kulawarga ingkang bagya mulya.

 

Kula nglenggana pisowan kula sapangiring wonten kalepatan, kirang subasita miwah tatakrama, kula nyuwun agunging samodra paaangaksama. Hambok bilih mangkeh adicara sampun paripurna kula miwah pangiring nyuwun pamit sarta nyuwun tambahing donga pangestu.

Puput pepunthoning atur, temtu wonten cicir-ceweting atur, kaladuking kandha miwah solah bawa, kula nyuwun agunging pangaksama.

Nuwun, Matur nuwun

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

TULADHA NAMPI PASRAH MANTEN SARIMBIT ING ADICARA BOYONG MANTEN

 

Nuwun, Kula Nuwun

  • Ingkang winantu ing pakurmatan Bapa…………………..ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan.
  • Ingkang winengku ing karahayon Bapa/Ibu……………………………..

Keparengna kula matur tumanggap wedharing pangandikan saking Bapa………………..minangka sulih sarira saking Bapa/Ibu………………….. 

Datan kendhat pamuji sukur kula, dene risang pinanganten sampun saged kaboyong kanthi rahayu widada kali sing sambekala, dumugi griya kula ingkang prasaja punika. Kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapa/Ibu………………miwah para pangiring temanten sarimbit.

Kapisan, menggah salam taklim saking Bapa/Ibu………………..kula tampi kanthi suka bingahing manah, kosok wangsulipun kulawarga Bapa/Ibu…………………ugi ngaturaken salam taklim dhumateng kadang besan sinartan pepuji mugi tansah cinaketaken ing kanugrahaning Gusti Ingkang Maha Suci, tinebihaken saking tulak sarik bendu panyendhu,

Kaping kalih, kula sanget ngaturaken agunging panuwun dene panjenengan sampun kesdu mboyong  putra temanten sarimbit sarta njagi raharjaing marga satemah saged prapta wonten ing papan punika kanthi kayuwanan . Menggah dhawuh pangandikan panjenengan masrahaken risang pinanganten sarimbit sampun kula tampi kanthi lila legawaning manah.

Menggah pamundhut panjenengan, badhe kula sendikani, putra temanten kekalih kula rengkuh anak piyambak, tanpa benten-bentenaken antawisipun Anakmas…………………....……….kaliyan Nimas Ayu………….………………………  Kula nayogyani sanget bilih kekalihipun taksih mudha taksih cubluk ngilmi gesang bebrayan. Pramila sumangga sesarengan paring pitedah sarta wewarah mrih kamulyaning gesang ing madyaning bebrayan.

Wusananipun, mugi kasekecakaken anggenipun paring pangestu dhumateng putra temanten. Nglenggana anggen kula nampi sarta ngacarani rawuh panjenengan kirang damel mareming galih, mugi panjenengan kesdu bikak wiwaraning kawicaksanan, hambuka wiwara samodra pangaksama. Dene kula pribadi ugi nyuwun agunging jalanidi pangaksami sedaya atur miwah tatakrami ingkang boten damel renaming penggalih.

Sakundur panjenengan samangke, Bapa/Ibu………………………..sakulawarga namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu kang sami pinanggih.

Nuwun. 

 

WACAN – RUJUKAN

 

·           Dewan Pengurus Pusat Permadani, 2006. Gegaran Baku Pawiyatan Permadani (GBPP).

·           Dewan Pengurus Pusat Permadani, 2012. Bebakalan Baku Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedharsabda.

·           Permadani, 2006. Seserepan Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedharsabda. Semarang.

·           Poerwadarminta, W.J.S.; Baoesastra Djawi.1937.

·           Rama Sudi Yatmana, Dr. 2002. Tuntunan Kagem para Panatacara tuwin Pamedharsabda, Semarang, CV. Aneka Ilmu.

·           Sutawijaya Danang R.; Sudi Yatmana, R.M.A. 1986. Upacara Penganten, Tatacara kejawen. Semarang, CV. Aneka Ilmu.

·           Wiyoto, H. Ir.; Renggeping Wicara. Magelang, Permadani Kab. Magelang.












 

 

 

Beragama dan Berbudaya

Bismillah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar