TULADHA MANATACARA ING UPACARA SIRAMAN/RANGKAIAN UPACARA ADAT SIRAMAN

 


TULADHA MANATACARA ING UPACARA SIRAMAN

 

Ancer-ancer Rantaman Adicara Siraman Calon Pengantin Putri

1.    Pambuka

2.    Pasang bleketepe

3.    Pangabekten / Sungkeman

4.    Calon Penganten Putri kakanthi tumuju sasana siraman

5.    Ngracik toya siraman

6.    Hastungkara / Donga

7.    Utusan kintun toya siraman

8.    Siraman

9.    Bilasan

10. Pecah pamor

11. Bopongan

12. Pagas lan tanem rikma

13. Pagas tumpeng / Dulang pungkasan

14. Sadeyan dhawet

 

Ingkang Prayogi kacawisaken :

·         Kursi  2          : kagem sungkeman

·         Kursi  7 / 9     : jumbuh gunggung sesepuh ingkang paring toya siraman

·         Kursi kagem tamu sacekapipun

·         Bleketepe

·         Cengkir 4 iji  ( kanan sajodho, kereng sajodho )

·         Pantun  2 wuli ( kanan sawuli, kereng sawuli )

·         Tuwuhan sanesipun sampun kapapanaken kanan-kereng gapura

·         Andha / kursi kangge pasang bleketepe

·         Meja tata toya sumber

·         Wadhah toya 7 / 9 sumber / tuk

·         Meja tata tandha tresna

·         Meja tata pagas tumpeng

·         Sasana pagas rikma

·         Papan / Pot tanem rikma

·         Lenthuk / Cethok

·         Mic : sakboten-botenipun 2

 

Paraga :

·         Sesepuh cacah 7 / 9 (ganjil)

·         Hastungkara / Pandonga

·         Duta ngintun toya siraman            : Bp./Ibu……………….Sekaliyan

·         Paraga nyawisaken andha / tanem rikma / tumpeng

·         Pambiawara

 

Tuladha Pambuka Adicara Siraman Calon Temanten Putri

 

Nuwun, kula nuwun.

Sih nugraha miwah wilasaning Gusti Ingkang Akarya Loka mugi tansah kajiwa, kasarira panjenengan sedaya lan kula sumarambah sagung kulawarga, widada niskala.

Para alim ulama miwah pinisepuh, ingkang satuhu sinungkeman, para tamu kakung putri ingkang satuhu munulyeng budi, sumangga kula dherekaken ngaturaken puji pangalembana dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas tuwin Maha Asih, awit saking kanugrahan-Ipun satemah panjenengan sedaya lan kula saged makempal ing dalemipun Bapa/ Ibu……………………………………. wigatosing sedya paring pangestu dhumateng calon penganten putri nuwuninggih Nimas Ayu…………………… ing  adicara siraman siyang punika.  

Keparengna kula ingkang tinuding minangka pambiwara kinen nderekaken gatining laksana ing wanci punika, ngaturaken menggah tata rakiting adicara.

Adicara badhe kapurwakan kanthi pambuka, kalajengaken adicara kaping kalih nuwun inggih pamasanging bleketepe miwah tuwuhan dening pamengku gati.

Adicara kaping tiga,  pangabekten risang calon panganten putri dhumateng Bapa miwah Ibu. Saparipurnaning adicara ngabekten, risang calon panganten kakanthi tumuju dhateng sasana matirta, tumuli Bapa/Ibu……………………………..……ngracik tirta saking  pitung sumber.

Adicara kaping sekawan inggih punika  hastungkara,  badhe dipunpandhegani ingkang kinurmat Bp/Ibu…………………………….. 

Purna hastungkara kalajengaken kintun toya pamorsih dhumateng calon besan minangka sarana aji sarat jamas pasiraman calon penganten kakung.

Sabidhalipun utusan kintun toya perwita adi, adicara siraman risang pinanganten putri tumuli kawiwitan.  Kinarya tatacara candhakipun risang calon penganten putri pinaringan bilasan / sesuci, kalajengaken bapa miwah ibu ngadani pecah pamor  kanthi amecah kendhi.

Reroncening adicara salajengipun nuwuninggih bopongan.  Sasampunipun calon temanten putri binopong ramanipun tumuli kakanthi manjing sasana tepas wangi badhe katindakaken pagas tuwin tanem rikma ing papan piniji.

Paripurna adicara pagas tuwin tanem rikma tumuli kalajengaken pagas tumpeng.

Para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu minulyeng budi, reroncening tata cara ingkang pungkasan inggih punika pamengku gati ngadani adicara sadeyan dhawet.

Mekaten menggah rantaman adicara siraman ing siyang punika. Ingkang punika, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun idi sarta pangestu dhumateng para sepuh miwah para tamu adicara siraman tumunten badhe kawiwitan.

 

  

Panyandra Pasang  Bleketepe miwah Tuwuhan (Tarub )

Sampun kepareng jengkar saking palenggahan wisma pamengku gati, Bapa tuwin Ibu………………………… tumunten tindak lon-lonan hangsta bleketepe arsa tindak tumuju unggyan kang sinedya nuwuninggih wiwaraning sasana pahargyan.  

Bleketepe kinarya saking janur mengku werdi panyuwunan ingkang luhur, mugi tansah pinaringan nur saking Gusti Ingkang Maha Suci, satemah tumapaking gati adicara wiwit purwaka, madya dumugining wasana kinalisna ing rubeda miwah godha rencana.

Wus dumugi unggyan kang sinedya, nuwun inggih gapuraning sasana pahargyan. Bapa……………………….sampun kepareng menek andha, parandene ingkang garwa  ngelungaken bleketepe saking sangandhapipun mengku sasmita dhumateng calon pinangantyan bilih kulawarga kedah guyup rukun tuwin lung tinulung.

Paripurna pamasanging bleketepe, bapa miwah ibu…………………….tumunten masang tuwuhan ing kanan-kering gapuraning sasana pahargyan. Manca warni tetuwuhan dumados  saking pisang raja, tebu wulung, ron alang-alang, ron wandira, ron kaluwih, pantun sawuli, tuwin cengkir kalapa datan kantun.

Sedaya tuwuhan ingkang maneka warni mengku werdi sinandi, kalamun rinakit ing ukara mujudaken panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.

Linambaran kencenging pikir lan antebing kalbu, anggayuh kamulyaning gesang, sageda linangkung ing boga wastra kanthi pitados lan manembah mring pangayomaning Gusti Ingkang Murbeng Gesang satemah saged tinebihaken ing rubeda lan sambekala.

Adicara pasang bleketepe miwah tuwuhan ugi winastan pasang tarub sampun paripurna, pamengku gati sarimbit gya tindak wangsul dhateng wismatama ngadani adicara kang sampun rinakit miwah tinata.

 

Panyandra Sungkeman Calon Temanten Putri

Nalika semana kawistingal Bapa/Ibu…………………………….sampun kepareng lenggah ing sasana piniji. Dupi wus lenggah tiyang sepuh kekalih ing sasana piniji, risang calon temanten putri repepeh - repepeh pindha sata matarangan marak sowan ngabyantara dhumateng rama tuwin ibu.

Kebak ing tata susila miwah tata krama, wadana tumungkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta sumembah ngaturaken pangabekti dhumateng ingkang rama, sinartan ngeningaken cipta, ngetog kekiyataning manah, menepaken raos, nyadhong tambahing pangestu, mugi tansah hamanggih kamulyaning gesang bebrayan.

Tangkeping  asta sumungkem ing pepadaning ingkang rama. Ing wahyaning mangsa wigati punika ; Putra calon temanten hangaturaken sungkem tuwin ngaturaken agunging panuwun dhumateng rama-ibu ingkang sampun ngukir jiwa-raga ngantos dewasa.   Nyuwun samudra pangapunten dhumateng tiyang sepuh kekalih  miwah nyuwuh pangestu anggenipun badhe lelayaran ing samadyaning bebrayan.

Sanadyan lir sinendhal mayang penggalihipun ingkang rama dupi hanampi sungkeming ingkang putra, parandene jroning galih tansah nyenyuwun lan nyenyadhong pangayomaning Gusti Ingkang Maha Suci mugi putra-putri calon penganten saged sembada kang sinedya, jumbuh kang ginayuh, bagya mulya kang kajangka.

Paripurna sungkem dhumateng rama tumuli ngaturaken sungkem ing padanipun ingkang ibu, kawuryan kalamun ingkang ibu trenyuh ing galih dupi sinungkeman pepadanira, netra kembeng-kembeng ngampah tumetesing waspa,    mekaten ugi sang dyah ayu, luh marawayan ing pankoning ibu, ingkang putri kinasih den-aras kebak ing rasa, den-elus-elus, den-epuk-epuk pamidhangane risang hayu, pratandha tresna asihe paring pengestu mring  kang  putri.

 

Sampun paripurna sungkeming calon temanten putri dhumateng  ingkang rama miwah ibu, tumunten risang ahayu gya kakanthi tumuju ing sasana matirta arsa jinamas ing warih nenggih warih pamoringsih.

Ngracik lan Utusan kintun Toya Siraman

Nalika semana, kawuryan lenggah ing sasana matirta, sang dyah ayu kaapit rama tuwin ibu ingkang jumeneng ing kanan-keringipun. Tumunten Bapa/Ibu………………..badhe ngracik toya perwita adi.

Ingkang sepisan ngracik toya perwita adi ingkang kapundhut saking tuk ingkang sampun sepuh, ancasing sedya ing tembe gesangipun risang calon penganten kalamun sampun mangun kulawarga sageda murakabi, paring pangayoman mring sesami.

Toya bebakalan ingkang kinarya siram jamas kapundhut saking pitung sumber.  Parandene sapta tirta ingkang karacik kapundhut :

1.    Saking sumber ……………….

2.    Saking sumber………………..

3.    Saking sumber………………..

4.    Saking sumber………………..

5.    Saking sumber………………..

6.    Saking sumber………………..

7.    Saking sumber……………….

Purna ngracik sapta tirta, tumuli Bapa/Ibu…………………..manunggalaken sekar sritaman utawi sekar triwarna munggwing tirta pamoringsih.

Sri wus ngarani ratu, taman ateges papan anjrahing puspa. Marma pinilih tetungguling sekar ingkang awujud tri warna, tri mengku teges telu, warna jinising puspa nuninggih sekar mawar, mlathi miwah kenanga. Angambar arum gandane sekar murih ing tembe kuncara asmane risang calon temanten.

Sampun paripurna pangraciking tirta siraman dening Bapa/Ibu……………… samangkeh badhe kalajengaken puji pandonga ingkang dipunpandhegani Bp………….. sumangga.

Mugi puji pandonga kalawau kinabulaken dening Gusti Ingkang Maha Suci, satemah hamanggih rahayu, widada kalis ing sambikala.

Salajengipun, keparenga Bp/Ibu……………………………..mundhut saperangan toya pamoringsih winadhahan ing kendhaga alit (kendhi pratala) badhe kakintun dhumateng calon besan minangka sarat jamas pasiraman calon penganten kakung.

Tanggap ing suwasana, daya-daya duta kintun tirta siraman mangarsa tumuju ing sangajenging pamangku karsa. ----------- ( lung tinampi ).-------------

Dupi wus hanampi tirta suci , tumuli jumangkah sang duta tirta arsa hangemban wajib.

Lumaris jengkaring Bapa/ibu…………………….sarimbit hangintun tirta, siraman calon temanten putri tumuli enggal kawiwitan.

Siraman Calon Temanten Putri

Para tamu kakung putri ingkang minulyeng budi,

1.    Kapurwakan saking ingkang rama, Bapa…………………..……..paring jamas ing warih, kapisan jinamas ing mustaka amrih suci ing cipta, kaping kalih jinamas ing pamidhangan kanan lan kering, toya lumeber munggwing jaja amrih suci ing rasa, kaping tiga siniram ing padharan tumibeng samparan amrih suci ing karsa.

2.    Tumuli kang ibu ugi kepareng paring jamas pasiraman dhumateng ingkang putri kinasih, sinartan paminta dhumateng Gusti Ingkang Maha Kawasa, lumantar tirta perwita adi sageda suci ing lair punapa dene ing batin.

3.    Salajengipun, keparenga  Ibu……………………. paring pangestu lumantar tirta siraman, kanthi pinaringan puja-puji pandonga ginarujug salira mawi tirto perwita adi. Kongas gandane saindenging sendang pasiraman, angambar arum kena samirana manda.

4.    Apa ta kang minangka palenggahanira risang calon penganten, nun inggih linambaran klasa bangka ingkang kinarya mbuntel ron alang –alang,  ron apa-apa, ron awar-awar, roning kaluwih, miwah roning turi kang satuhu ngemu pralampita sinandhi.

5.    Klasa bangka minangka pratandha gumelaring jagad raya, ing wanci punika risang ahayu sampun badhe ngancik jagading kulawarga,  arsa mangun bebrayan enggal. Ron alang-alang tuwin ron apa-apa pralambang panyuwunan muga-muga anggone mangun brayat agung ora ana alangan apa-apa. Ron awar-awar sedaya pepalang miwah sambikala sampun binawar tawar satemah mung rahayu kang tansah tinemu.

6.    Ron kaluwih ngemu pralampita mugi mbenjing risang calon penganten tansah pinaringan kaluwihan, luwih ing drajat, pangkat miwah semat, satemah kajen mring sesami, cekap ing sandang miwah boga. Roning turi minangka pralambang panyuwunan dhumateng para kasepuhan miwah winasis paring pitutur dhumateng risang calon penganten putri, sinambi paring siraman, paring pitutur ingkang dumeling ing talingan, pitutur para leluhur sageda dados dedamar anggenipun risang calon penganten putri lumebet ing madyaning bebrayan agung.

7.    Kang munggwing pamungkas paring siram jamas nuwuninggih Juru Sumbaganing pinangantyan sinartan mateg mantra suci, mugi putra calon penganten pikantuk nugrahaning Gusti Kang Maha Suci, sangsaya sumunar endah lan sulistya ing warna pasuryanira, ayu ing lair lan batinira.

Sampun paripurna para sepuh cacah pitu ingkang paring pasiraman mring sarira calon penganten putri, mugi luhuring budi para pinisepuh saged lumeber mring risang pinanganten. Gunggung pitu ingkang paring jamas pasiraman, mugi risang calon penganten tansah pikantuk pitulunganing Gusti, sarta tansah darbe watak suka paring pitulung mring sesamining dumadi.

 

Bilasan, Pecah Pamor, Bopongan

Salajengipun ingkang rama, Bapa………………………arsa paring  sesuci / toya bilasan dhumateng putra-putrinipun. Toya kawijilaken saking kendhi pratala, ilining toya datan kendat   kinarya sesuci kadidene badhe manembah mring  Kang Maha Suci.

Sampun telas isining toya ing kendhi pratala, tumunten ibu tuwin rama nyepeng kendhi sesarengan, daya-daya kendhi kabanting kaliyan ngungandika :

“Niat ingsun ora mecah-mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku wadon”…. (kabanting, ….pyar..!!!)…….. ”Wus pecah pamore”.

Nulya kawuryan kaya ana teja cumalorot saking anggane calon temanten putri, iku kinarya cihna wus pecah pamore calon temanten putri.

 

Para rawuh kakung-putri ingkang winengku ing karahayon,

Adicara pecah pamor sampun paripurna, badhe kalajengaken bopongan calon temanten putri dening ingkang rama. Bapa……………………….sampun kepareng ambopong calon temanten putri, punika minangka sasmita sanajan putra putrinipun sampun winengku dening priya, jejering sepuh tansah nedahaken dhumateng margining kautamen.

Paripurna adicara bopongan, risang calon penganten putri tumuli kekanthi ing sasana piniji badhe nindakaken adicara salajengipun nuninggih pagas lan tanem rikma.

 

Pagas, Tanem Rikma lan Dulangan

Nalika semana Bapa/Ibu……………………….sampun kepareng lenggah ing sasana piniji,  risang dyah ayu lenggah ing sangajenging tiyang sepuh. Punika minangka pratandha badhe lumadi adicara pagas rikma.

Adicara pagas rikma utawi ngerik sinom mengku sasmita bilih calon temanten putri badhe nilar jagading kaneman  tumuju jagad kadewasan, ing bebrayan alit punapadene ing bebrayan agung.

Pagasan rikma winadhahan ing  cepuk / kendhaga alit  ingkang sampun pinaringan sekar tri warna tumuli ka-asta tumuju ing palataran ngajeng dalem badhe katanem.

Purna hamagas rikma putra-putrinipun, Bapa / Ibu……………………………..tindak sesarengan tumuju palataran ngajeng dalem hanyaketi papan tanem rikma.

Kawistingal Bapa……………………………..sampun kepareng ndhudhuk siti pelataran sangajeng dalem mawi lenthuk / cethok, parandene Ibu hangasta cepuk / kendhaga alit minangka wadhahing pagasan sinom.

Sasampunipun kagalih cekap lebetipun, tumunten isi kendhaga kasuntak lan katanem wonten salebeting siti. Punika sasmita mbucal sukerta ing angga lan ing nala.

Sampun paripurna, pagas tuwin tanem rikma, calon temanten putri gya kakanthi mring unggyan kang tinuju nuwun inggih sasana pagas tumpeng,  badhe ngadani adicara dulang pungkasan.

Samangke Bapa/Ibu  ……………………..tuwin calon temanten putri sampun siyaga ing sasana pagas tumpeng. Ingkang rama hamagas pucuking tumpeng, kalajengaken ingkang ibu njangkepi lelawuhan ingkang maneka warna.

Bapa…………………………………….nuli ndulang dhumateng putra-putrinipun parandene ingkang ibu paring unjukan. Ti-gumanti kekalihipun anggenipun paring dulangan lan unjukan dhumateng ingkang putra.

Punika minangka pratandha bilih tanggel jawab tiyang sepuh sampun purna awit ingkang putra sampun winengku dening priya, prayogi mandireng pribadi.

  

Sade Dhawet

Para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing suka basuki,

Ing mangke sampun kepareng mijil saking wisma pamengku gati, Bp/Ibu…………………sarimbit.

Ibu…………………………hangindhit senik, parandene Bapa………………..hangasta sangsong memayungi dhumateng ingkang garwa.

Bapa/Ibu………………………tindak tumuju sasana sadeyan dhawet 

Wus prapteng unggyan kang tinuju nuwuninggih sasana sadeyan dhawet (peken sidadadi), Ibu gya tata-tata tuwin hangracik dhawet ingkang dumados saking ; santen, legen lan cendhol. Manunggaling tigang prekawis kasebat kadi manunggaling : cipta, rasa miwah karsa.

Dhawet den udheg-udheg supados manunggal, kalajengaken mundhut sacekapipun kaaturaken dhumateng Bapa……………………………supados dipun-icipi.

Ibu      : “Kados pundi raosipun Bapakne”

Bapa   : “Seger sumyah Bune”

Bapa   : “Mangga-mangga, ingkang ngersakaken dhawet……..”

Bapak : “Dhawet ayu….dhawet ayu…, rasane seger sumyah, regane murah”

Kawistingal para rawuh gilir gumanti antri mundhut dhawet lan hangasta arta ingkang kinarya saking kreweng utawi pecahan gendheng. Punika minangka pralambang bilih sedaya titah manungsa sakawit dumados saking siti lan badhe wangsul malih dhateng siti  




Panutuping Adicara Siraman

 

Para sepuh, para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan. Reroncening tatacara wiwit saking purwa, madya dumugi pungkasaning adicara sampun lumampah kanthi rancag gancar kalis ing sambekala. Sedaya kalawau awit sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Lumantar kula, Bapa/Ibu…………………………..sakulawarga, ngambali ngaturaken agunging panuwun ingkang datan pepindhan awit rawuh lan paring donga pangestu panjenengan sedaya.

Nglenggana anggen nampi rawuh panjenengan temtu wonten kekirangan lan kalepatan ingkang mboten damel suka renaning penggalih,  Bapa/Ibu……………………..………..sakulawarga mawantu-wantu nyuwun samodra pangaksama

Kula pribadi ingkang kadhawuhan ndherekaken upacara punika minangka pambiawara temtu wonten kiranging trapsila tuwin kuciwaning atur, kula tansah hanyadhong rumentahing sih pangaksami.

Ing wasana kanthi ngonjukaken puja-puji syukur sarta paminta dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi kondur panjenengan tansah hamanggih kasugengan dumugi dalem sowang-sowang.

Sugeng kondur,  sumangga samya hasesanti : Jaya - jaya wijayanti, nirbaya, nirwikara, nir ing sambekala.

Nuwun, Matur nuwun

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

SUNGKEMAN CALON PENGANTIN

SEBELUM  SIRAMAN

( khidmat, ucapan jelas, tidak tergesa-gesa )

 

ATURIPUN CALON TEMANTEN

 

Dhuh Ibu tuwin Bapak ngkang luhuring budi

Kula pun Heydi Sekar Langit sowan wonten ngarsa paduka,

Keparengna kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami,

Awit Ibu lan Bapak sampun anggulawenthah kula ngantos dhiwasa,

Keparengna kula nyuwun agunging pangaksama,

Sadangunipun menika temtu wonten malah kepara kathah lepat kula

Tindak-tanduk lan atur kula ingkang damel gerahing penggalih Ibu menapa dene Bapa,

Bapa.., Ibu…,

Kula nyuwun donga pangestu. Wiwit benjing enjing kula badhe emah-emah kaliyan priya ingkang kula tresnani. Mugi anggen kula nepusi jangkaning agesang saged ayem, tentrem tansah pinayungan karaharjan.

 

 

NGENDIKANIPUN BAPAK  (IBU)

 

Ndhuk Heydi,  putrane bapak lan ibu sing dak tresnani,

Sungkemu marang bapak lan ibu dak tampa kanthi senenging ati,

Bapak-ibu dadi trenyuh banget yen kok sungkemi Ndhuk,

Wong tuwa ya mesthi ana salahe,

Yen bapak utawa ibu ngandhani,  sok-sok duka marang sliramu

marga tresnane bapak lan ibumu

Mula sing gedhe pangapuramu ya Ndhuk

Bapak-ibu mangestoni anggonmu omah-omah, jejodhoan karo priya kang wis dadi godhelane atimu

Insya Gusti Allah ngijabahi…

 

 

 

 

 

 

 

Gya siniram tirta wening suci

Pangajabe ngicali sukerta.  

Mrih resik lair batine

Nyenyuwun mring Hyang Agung

Anggenira apalakrami

Lulus ing sambekala

Hayu kang tinemu

Atut runtut rerentengan

Bagya mulya purwa, madya prapteng akhir

Purna nggennya bebrayan

 

 

Beragama dan Berbudaya

Bismillah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar