TULADHA MANATACARA PANYINGSETAN (PASRAH SARAT SARANA)
I.
Ancer-ancer Rantaman Adicara
Panyingsetan
- Kaadanan (saboten-botenipun) sedinten saderengipun ijab
1. Pambuka
2. Pambagyaharja
3. Wedharing gati –
Tumanggaping gati
4. Ngaturaken sarat-sarana
/ panyingset
5. Lambang kalpika
(menawi wonten)
6. Sabdatama (menawi
wonten)
7. Donga
8. Panutup
- Kaadanan nunggal dinten saderengipun ijab
1.
Pambuka
2.
Wedharing gati – Tumanggaping gati
3.
Ngaturaken sarat-sarana / panyingset
4.
Pambagyaharja
5.
Panutup
II.
Ingkang Prayogi kacawisaken :
1. Kursi calon temanten
2. Kursi pamengku gati
tuwin calon besan
3. Kursi tamu sacekapipun
4. Meja kangge nampi
ubarampe
5. Meja tata dhahar
6. Mic :
sakboten-botenipun 2
III.
Para Paraga :
1. Pasrah 2. Panampi 3. Pambagyaharja |
4. Warara pangampil
baki kalpika 5. Pandonga 6. Pambiawara |
Tuladha hambuka adicara panyingsetan
Nuwun,
para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmat, para alim ulama ingkang
satuhu kinabekten, para tamu kakung-putri minulya, langkung-langkung baraya agung Bapa…………………………ingkang dipunpangarsani
Bapa…………………….ingkang satuhu pantes sinugata ing pakurmatan.
Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken tansah muji
syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Asih lan Welas,
ingkang sampun kesdu ngluberaken kanugrahan kawilujengan,
kasarasan miwah katentreman satemah panjenengan sedaya lan kula pinarengaken
makempal manunggal kanthi raharjaning manah.
Para tamu ingkang
minulya, keparengna kula mundhi dhawuhipun Bapa……………………, kinen ndherekaken lampahing adicara ingkang badhe rinonce ing tatacara panyingsetan.
Ing ari punika…………….………katiti surya kaping………………..., Bapa…….………… sekaliyan
garwa hanampi rawuhipun baraya agung Bapa……………………..sapangiring ingkang badhe
hamasrahakaen ubarampe sarat sarana
palakrama.
Reroncening adicara ingkang badhe lumampah nuwun inggih :
Pinurwakan kanthi Pambuka kalajengaken Atur pambagyaharja
saking ingkang hamangku karsa
Parandene adicara kaping tiga nuwun inggih Wedharing pangandikan pasrah
tuwin Babaring atur panampi.
Titi laksitaning
adicara kaping sekawan inggih punika Lung-tinampen sarat sarana ingkang
kalajengaken adicara kaping gangsal pangageming kalpika calon temanten kekalih.
Paripurnaning ngagem
kalpika panyingset tumunten rinakit adicara Wasita adi saking ingkang
kinurmat Bapa Kyai / Ustadz……………………………… (menawi wonten)
Salajengipun Hastungkara
utawi Donga badhe pinandhegan dening Bapa Kyai……………………….
Kanthi purnaning hastungkara brata mracihnani
reroncening tatacara panyingsetan ing titi wanci punika.
Makaten sagung para
tamu racikaning adicara ingkang badhe lumampah. Kanthi andhap asoring manah,
mugi wonten kepareng panjenengan sedaya paring puja pangestu satemah tatacara
punika saged lumampah kanthi rancag, gancar wiwit purwa, madya dumugining
wasana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar