Nuwun,
Kula Nuwun,
Sih
wilasaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, mugi tansah kajiwa kasarira
wonten ing jiwangga panjenengan sedaya lan kula waradin sagung dumadi
- Ingkang satuhu kinurmatan Bapa……………………….…(asma
ingkang nampi) ingkang jumeneng minangka sulih sarira
Bapa/Ibu…………………….(Bapa CPP) sekaliyan.
- Ingkang winantu ing pakurmatan Bapa/Ibu……………………(Bapa
CPP) sakulawarga.
Keparengna
kula minangka talanging basa saking Bapa/Ibu………………………(Bapa CPK) matur wonten
ngarsa panjenengan :
Atur
kula ingkang kapisan, nuwuninggih
ngaturaken salam taklim saking Bapa……………sekaliyan garwa mugi katur dhumateng
Bapa/Ibu…………………sarimbit, sinartan pepuji mugi Bapa/Ibu……………….tansah pinaringan
rahmating Gusti Ingkang Maha Suci satemah hamanggih suka basuki.
Kaping kalih,
sowan kula kinen hamasrahaken calon
pengantin kakung
Anakmas…………………………. putra kakungipun Bapa/Ibu………………………..kanthi pangajab
mugi kaijab kabulaken kaliyan Nimas Ayu………………….atmaja putri
kinasih Bapa……………………sekaliyan
ngenut satataning agami miwah angger-anggering nagari. Awit saking punika mugi wonten kepareng
panjenengan hanampi kanthi rila legawaning wardaya.
Kaping tiganipun, kula
sapangiring ndherek nyenyuwun mugi lampahing adicara ingkang ginelar samangke
tansah pinaringan lulus raharja nir ing sambekala saking Gusti Ingkang Maha
Wisesa. Sedaya pamurbaning adicara kula sumanggakaken dhumateng kulawarga
Bp/Ibu………………
Sowan
kula sapangiring temtu wonten wicara tuwin suba sita ingkang kapenggalih kirang
damel renaning driya mawantu-wantu nyuwung agunging samodra pangaksama. Dene kula pribadi,
minangka talanging basa tebih saking kawruh paramasastra, sarta kiranging
trapsila, kaladuking atur ingkang ngelantur, kanthi andhap asoring manah nyuwun
pangapunten lan pitutur.
Nuwun…, matur nuwun.
Menawi
pasrah / tampi ing adicara panggih
:
- Calon
pengantin
kagantos pengantin
- Kaijab
kabulaken
kagantos kapanggihna
- Satataning
agami miwah angger-anggering nagari kagantos adat
widi widana ingkang lumampah ing tlatah ngriki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar